Apus

Mbongkok kayu, mengikat kayu di kebun untuk dibawa pulang. Swara/Wg.

Kacang-rendenge, yen wis binedhol (pa meneh nemahi garinge) njur diapus, disunggi mulih. Kayu-kayune, yen wis dipreceli lan dipepeni, njur diapus, dipikul-pocong mulih. Pakan dhong kancu dhong mandhinge, yen wis diopeki sakcukupe, njur diapus, digendhong mulih. Ngono terus barang-barang kang anggone nggawa ska pategalan-pakebonan butuh dibongkok nganggo tali (pring apus), jalaran cacahe barang mau akeh banget, diarani diapus.

Tetali-piandele pra among tani ya pring apus. Snadyan pagawe “ngapus” utawa “nali” isa migunakake tetalen liya kayata dhadhung, klaras, kulit-kayu, lsp. Ananging, kang lumrah ingaran tali ya tali apus utawa tali pring apus; sipate wuled lan pengkuh.

Bacaan Lainnya

Barang-barang kang cacahe akeh (ora cukup sakrangkulan tangan) murih gampange anggone nggawa, nggotong, mikul, nggendhong, ngindhit, lsp. mula diapus luwih dhisik. Tandang-gawene apus-apus, tujuwane nyawijekake, nggolong-giligake, sarta ngrukun-nyantosakake.

Mangsa pilihan-umum banjir wong-wong kang adol apus, adol tali. Ancase padha: ngengajak marang karukunan lan kasantosan. Kepiye carane supaya masarakat padha kaiket batine, kaapus penggalihe, satemah kersa milih dheknene, bebarengan ngudi ayom-ayeming negarane.

Ning ya ana kang mung adol apus, senengane apus-krama. Kamangka, sing ditawani ya seneng apus-apus. Tundhone, loro-lorone apus-ingapusan.

Gayenge tenanan. Sing diapus njur disunggi, dipikul, lan digendhong mulih mau mung bongkokan apus-kraman.

Jan.

***

[WG]

Facebook Comments Box

Pos terkait