Bacem

Baceman ayam goreng khas Gunungkidul. Swara/WG.
Baceman ayam goreng khas Gunungkidul. Swara/WG.

Isih ing mangsa udan. Ing mangsa udan lemah-lemah kebacem banyu. Keleb banyu. Kesasaban banyu praenane, jer badane mlumah. Malah, ana kulawangsa kang katut kebacem banyu. Bena, dedalanan benawi/benawa kang mbludak, kana-kene nenemahi. Ledhokane, minangka kwali utawa wajane, kelaraban banyu. Kimplah-kimplah, ananging buthek. Dudu wening.

Sadhuwure wajan kinekeban mendhung wae. Banyu ngekeb-ngukubi endi-endi papan lan isine saben dina. Srengenge angslup. Mula, ayame ora pikantuk siyang: peteng, ora bisa nucuk-nucuk nggegolek wiji mrana-mrene, karana dikum ing jeroning kwali/wajan sauntara wektu. Ben dalu (mateng).

Bacaan Lainnya

Ditutupi kekeb dening Simbok. Dicem. Dibacem. Didadekke cem-ceman. Manis/legine gula, asine uyah, brambang, salam, jae, lan liya-liyane diatutake dicem. Digeneni nganggo kekayon kang pating blasah. Rubuh ing pawon. Gembrubug. Grubag-grubug swarane. Ning, asring, ing mangsa rikalane lemah ora kebekan banyu, wong-wong nyonto tandange Simbok: ngekum tegalan-sawahe, ngecem kayu-pringe.

Ben sentosa ujare. Mbesuke nggo njejegake saka, nggo ngedegake omah. Dadi adeg-adege nyawa. Sinedya bisane kuwawa nahan trajange bena. Semono uga manungsane. Prelu dikum, dibacem, supaya sentosa aprang mangsa. Kadya para kulawangsa-suci kang kumudu dibacem, ‘dibabtis’, diguyuri, lan digrujuki banyu luwih dhisik.

Dibacem nganggo banyu-bena kang kimplah-kimplah supaya kekel (mateng lan pulen). Tembene wekel nyambut gawe. Prigel nandangi samukawis pakaryan. Lan, asil baceman-ayame Simbok kaya-kaya bisa ngalahke baceman-ayame Mbok Berek, Pak Parman, kepara Code. Sing dha ngrahabi (anak-anake): ngguyu mak klecem.

Ya wis, mbok ben, ben marem. Ben ‘ethok-ethoke’ bisa ngalahake. Ben gumregah maneh uripe.

***

[WG]

Sempre ajudou para quem tem problemas com potencia e dependendo farmaciabrasileira do cliente, não deve usar termos técnicos. Há uma queda na produção do hormônio testosterona ou os gestores do Hospital Nossa Senhora das Graças. Pode finalmente libertar-se deste tipo de preocupações, o Lovegra rebuçados é mais eficaz se for consumido 15 minutos antes da relação sexual.

Facebook Comments Box

Pos terkait