Nem……
Rikala godhong jambu wis entek pupusse
Aku ijih nunggu sliramu ana kene
Sebab rasa iki tan bisa kinapusan
Tulus
Nem…..
Adoh-adoh keplayu aku teka kene
Kaya dalan lan jurang kang padha ing mata iki
Nanging sliramu ora ana
Kaya pedhut esuk kesapu angin
Nem……
Neng kene aku isih ngenteni
Tekamu
Guyumu
Lan esemmu.
***
Facebook Comments Box