Mentalitas Inlander?

oleh -302 views
Panji Getih Getah Samudera, bendera gula kelapa jaman Majapahit yang menjadi simbol bangsa besar Nusantara di kapal Angkatan Laut RI. Dok: wikipedia.

SEPUTARGK.ID – Kira-kira rong sasinan aku manggon ana ing Jimbaran, Nusa Dua, Pulau Dewata. Kadadeyan iku udakara Juli nganti Agustus 2000. Jaman semono pas liburan kuliah, aku karo kancaku sak angkatan sing jenenge Mas Pri sedya nggolek dhuwit tambah. Lha kepiye, wong kahanane sarwa winates, cupet dhuwit kanggo tuku buku, bensin, lan jajan, mengkono uga kancaku sing saka Kebumen kudu kost, mangan lan dolan. Mula aku sakloron ngrancang piye carane golek gawean pas mangsa liburan kuliah.

Dilalahe si Depa kancaku saka Sangir nggawa kabar kabungahan, kakangne sing ana Bali arep gawe omah adat lan butuh bahu kanggo biyantu, mula dheweke nawakke gawean. Paribasan tumbu oleh tutup, bareng krungu kabar iku, mataku banjur katon cumlorot tandha adrenging ati kepengin enggal ngleksanani. “Wah, cocok tenan iki, golek dhuwit sinambi piknik!” Mas Pri uga ngrasakake kang mangkono.

Temenan, kita sakloron budhal bareng karo Depa, ngetung sangu cupet banjur ngreta ekonomi tumuju Banyuwangi, nyebrang Gilimanuk banjur numpak anak bis tumuju Denpasar. Awak pegel-pegel ora ngurangi kabungahaning ati. Ing kana manggon ana ing sawijining perumahan ing Jimbaran Permai, kira-kira rong kilo saka lokasi pembangunan Garuda Wisnu Kencana. Omahe gede, keluarga iki pancen katon sugih lan akeh pembantune. Lha, wong anake loro putri wae dadi artis penyanyi cilik Bali Kids je. Nah, aku diwenehi kamar ana lantai loro lan mesti wae aku sakanca kalebu sing manggon ana kelas pembantu. Huhuhu.

Gaweane angkat-angkat kayu, karana proyekke gawe omah panggung ala Sangir, Sulawesi. Juragane duwe karyawan cacah wolu, kabeh saka Sangir, Sulawesi, kayane wis kulina gawe omah panggung. Aku melu ngrasakake urip cara kana, contone meh saben dina mangan iwak laut. Pancen dhasare wong Sangir iku doyan iwak, ditambah papane karo Pantai Jimbaran uga cerak. Menu lawuh iku sarwo iwak sinaosa beda-beda cara masakke iya digoreng, dibakar, dikuah woku, lan sapiturute.

Kalodhangan ana Pulau Dewata iku pancen ngresepake atiku. Akeh bab anyar sing bisa dideleng, pancen pulo iki kebak kaendahan. Wiwit dak sawang kana-kene wong-wong sing pada ngundha layangan. Maneka warna bentukke, ana iwak, buto, manuk dawa, lan sapiturute. Semono uga para wanita sing meh saben dina ngracik lan ngenam janur kanggo sesajen. Apamaneh tetabuhan sing kaprungu lan luwesing beksan sing disinau gede-cilik enom-tuwa. Kabeh iku bisa dakarani pedhe kabudhayane dhewe. Sinaosa mangkono, ana uga sing nganyelake ati, jaman iku angel angkutan umum, yen ora duwe motor dewe utawa rental bakal mrongos, angel metu omah, “berat di ongkos!”

Sing narik wigatiku, saben dina aku bisa nyawang turis sing akehe ora sabaene. Kana-kene ana bule. Ana dalan, pasar, pure, apamaneh pante. Nah, kalodhangan iku dakgunakake kanggoku foto. Yen, wis poto rasane wis kaya kepiye ngono. Kurang luwihe ngene, kaya-kaya wis poto karo uwong sing luwih apik, wis pokokke wong sing dianggep apa-apane duwe kang adoh sakduwure awakke dewe. Kamangka aku malah lali foto karo wong kana sing uwis ngatonake adege kanthi mratelakake kateguhaning jaga tradisi lan budayane.

Kadadeyan iki daktulis mbokmenawa isa dadi gambaran ing suwaliking rasa seneng foto karo turis uga ngajeni tulisan Inggris ana mentalitas inlander sing ana sangisore alam sadar.

Mbokmenawa rada persis kaya carita iki.

Ing sawijining dina, ing Nagri Kahyangan, ibune mulih seka warung katon rada nggaya. Jebul dhewekke nukoke anakke susu Cim*ry. Ujare maneka rasa uwis dicoba, mula saiki nyoba sing durung tau yaiku rasa “Sea Salt.”

Sruputt…

Kidung katon merem lan ilate melet-melet. Lha, ya jelas, lha wong rasane asin-asin piye ngono.

Aku ngakak, sajakke imunku langsung mundak.

***

Tentang Penulis: Stef Listiyantoro

Stef Listiyantoro
Pelayan umat dan pegiat gerakan kemanusiaan lintas iman. Hobby menulis pengalaman perjalanan hidup. Tinggal di Semanu Gunungkidul.