Ngingu Sapi Ijih Potensial Kanggo Nambah Penghasilan

Minggu Wage wingi esuk, aku ngelengke menyang Pasar Sapi Siyono Wonosari, bareng karo kancaku Kang Jenggot. Pasare rame banget, halaman parkir kebak set kanggo parkir open kap lan truk pengangkut dagangan sapi, keporo nganti tekan ndalan2 njaban pager pasar.

Sapi, wedhus tumplek blek ning pasar kono. Apik-apik, lemu-lemu lan reregan kewan sajake wis wiwit normal.

Aku rekane langsung melu mubeng Kang Jenggot. Nonton sapi ing sisih lor, jalaran deweke wis kulino ning pasar, mula deweke apal papan-papane. Trus njujug ana nggon sapi-sapi babon sing gedhe-gedhe lan lemu-lemu. Ana sing abang, putih lan ireng.

Sinambi nyawang sapi, aku mampir warung papan wedangan para blantik. Trus melu-melu pesen teh poci pacitane ” ENTHO “. Heeemm jian… nyamleng, dhasare wedange ” GINASTHEL”.

Udakara setengah jam ning kono, aku rekane takon-takon rego sapi, karo nuduhke foto sapi nggon HP-ku sing tak jupuk karo mlaku ning warung.

Ana 5 (lima) ekor sapi sing aku rada seneng, tapi bareng takon regane kok kabeh koyo seragam. Kabeh buka rega 20 jutaan.

Melu seneng jane yen rego kewan apik, padahal iki lagi wayahe larang pakan. Tapi yen miturut sejarahe, masyarakat Gunungkidul pancen kampiun yen babagan ngingu sapi.

Sapi seka Gunungkidul pancen terkenal apik. Daginge kenyal kualitas terbaik. Mula ora aneh yen sapi-sapi Gunungkidul laris manis ning wilayah Jabodetabek.

Peternakan sapi ing Gunungkidul isih potensial dikembangkan, minangka pakaryan tambahan kanggo para petani. Luwih-luwih kaum milenial Gunungkidul uga bisa dididik babagan olah ternak lan pertanian sejene pariwisata.

***

 

Loading

Facebook Comments Box
Spread the love