Ngurung Pitik

Wayah Maghrib wingi sore rayam-rayam krungu swarane Pak RT lewat speaker TOA Masjid, ajak-ajak wargane padha kon ngurung pitike dhewe-dhewe, jalaran wis wiwit nenandur pari lan jagung.

Gara-gara pitik sing diumbar bebas bisa njalari le tetanggan dadi congkrah, ora rukun.

Urip ana ndesa pancen kudu mong-kinemong. Ora oleh kaku-kaku lan uga ora oleh longgar-longgar supaya biso rukun.

Sejatine yen wayah ketiga padha dimaklumi yen ngumbar pitik sanadyan sejatine ya ora oleh, kudune ya dikurung utawa dikandhangke.

Gandheng saiki wis wayah rendheng, wancine among tani dha nenandur, mula ajakane Pak RT mau apik lan pas banget. Kabeh supaya bisa urip rukun, lan tandurane aman ora diorak-arik pitik.

Sanadyan mung tingkat RT, kudune pancen ana aturan sing tegas babagan ngumbar pitik iki. Yen ora isa bakal kedadeyan padudon karo tangga gara-gara pitik.

Ngumbar pitik kui ya mung ana ing seputaran RT panggonanku. Yen liyane rata-rata wis due kandang. Yen ora siap kandang, ya trima ora ngingu pitik, timbang dadi rasanan tangga.

Piye mungguh panemumu tumrap ajakan Pak RT-ku mau lur?

Loading

Facebook Comments Box
Spread the love