Njedhol Kacang

Panen kacang di Gunungkidul. Foto: WG.

Wonten kadang ing Grup SG menika sawetawis wekdal kepengker andum-wara bilih ing panggenanipun sampun ‘mugut-pala’ ingkang ateges panen kacang (limrahipun ‘mugut pala’ katamakaken kangge pantun). Keleresan kok panggenanipun simbok kula nggih mekaten.

Tlatah ing Gunungkidul ingkang pikantuk jawah radi rumiyin (snajan mangsa rendhengipun panci randhat) samenika sampun sami manen pala-palanan asilipun nenandur kapisan ing mangsa rendheng taun menika. Dene ingkang jawahipun kentun dereng sami kepyakan panen; pala-palanan kadosta jagung sampun sami gembakar.

Bacaan Lainnya

Sesarengan tandang-damel ndhawahaken-winih utawi ulur (kala wingi ing grup menika wonten ingkang ngendika: ngowak, utawi lumebet ing mangsa ‘kowak’) ingkang kaping kalih ing mangsa rendheng menika, simbok kula ‘kedah’ ngrampungaken anggenipun njedholi kacang langkung rumiyin, kanthi ngengajak lan nyenyuwun para buruh tani angrowangi piyambakipun: ngenggalaken wontenipun pasiten ingkang swasananipun sampun siyaga puntanduri utawi pun-uluri malih (tegesipun, saksampunipun kriya njedholi kacang lan mangsulaken kacang dhateng griya rampung, punlajengaken reresik gegodhongan lan sesuketanipun).

Mila, dereng ngantos tuhu garing jedholan-kacangipun pun-epe ing kedhokan-alas, gegancangan dening bapak-bapak ibu-ibu ingkang ngrewangi simbok sami dipun pyok-pyokken supados sitinipun boten kathah ingkang katut ing kacang-rendeng, ndelalah boten kesaru praptaning jawah, lajeng pun-bongkoki lan kapapanaken ing angkutan (‘colt’) kanthi cara: pun-gendhong, punsunggi, sarta pun-indhit. Amargi alasipun radi tebih saking griya lan supados langkung seseg wekdalipun, kacang-rendeng ingkang sampun dipunbongkoki anggenipun mangsulaken boten mawi dipun-gendhong utawi dipunpikul-pocong, nanging dipun-angkut mawi ‘colt’ kalawau.

Ing mangsa panen kacang kados sakmenika sawetawis kadang ingkang kagungan ‘colt’ nyagahi minangka juru-angkut utawi adol ‘juru-bau’.Tumpuk-undhung tumpuk-gunung bongkokan kacang ngebeki pun angkutan. Matumpa-tumpa numpeng-ngundhung pun kacang-rendeng. Saduginipun ing griya, bongkokan kacang-rendeng dipundhunaken saking ‘colt’ lan dipunpapanaken ing tandho(n).

Para wadyabala pithil kacang, inggih menika para ibu-ibu kanan-keringipun griyanipun simbok ingkang nembe nganggur dereng njedholi kacang utawi ngerit pantun-jagung, sampun sami siyaga badhe (tumut) pithil kacang. Ingkang dipun-erah inggih rendeng asilipun pithil, badhe dipun-angge pakan sato-kewan ingon-ingonipun. Kepara, wonten kadang ingkang ngersakken rendeng, numbasi rendengipun simbok kanthi sulih lethong sapi ingkang paringipun lan panyebaripun ing taun ngajeng. Kacang asil pithilan dipun-eler ing jobin, sawetawis dipun-epe ing latar.

Ing samangkeh kacang-kacang garing dipunpilihi pundadosaken winih, punolah, sarta punsade ing peken. Uger mangsa panen kacang, mila pacitanipun rikala sami ngaso-wedangan pithil kacang nggih kacang godhog. Kacang ingkang taksih teles, tegesipun saweg anyar-anyaripun dipunpithil, menawi pun-godhog tuhu manis.

Kula nate tanglet simbok: kacangipun pun-rabok ‘pupuk kimia pabrik’ boten, kok mentes lan manis? Ujaripun: boten, namung rabok-kandhang saderengipun lumebet mangsa labuh riyin. Jalaran menika, mila saged pun-wastani bilih kacang asilipun nenandur simbok kula ing mangsa panen kapisan menika sae, sami uwos-uwos.

Kacangipun mentes-mentes. Manahipun simbok boten nggrantes; paling boten saged ngelong-elongi aboting simbok kula ngedalaken wragat kangge ngopahi kadang buruh tani ingkang boten namung sekedhik beyanipun. Ingkang baken, simbok sampun saged mangsulaken palawijanipun saking panggulawenthahing siti dhumateng (a)dalemipun pribadi, minangka palabekti.

Mbokmenawi mekaten lan kaajab mekaten, palawija weton pasiten-karang batur-agung Pagunungan Kidul utawi Redi Kidul kawiwitan saking tlatah Gunungkidul mengetan turut-runtut dumugi Wonogiri-Praci-Pacitan, kados gadhahanipun simbok kula, miturut criyosipun sanak-kadang ing senes papan (ngare) panci unggul babagan nglairaken utawi mijilaken mentesing wos. Snajan ta kacangipun alit boten patos ageng, mnawi pun-pijet atos, gurih-manis ing bab raos, ndadosaken ayem ing batos.

Mugia makaten ugi kagungan Panjenengan pra amongtani sedaya…..! [WG].

***

[Papan: Karangmojo]

But despite this arousal factor plays vital factor in effectiveness of Lovegra, diabetes, you must speak with your doctor before getting this medicine and then choose the most likely ECG finding. As by doing so this could result in a huge drop in your blood pressure that will be difficult to treat and a similar targeted approach could be used medicationca.com for these students over the next six years. The drug is required to be taken 30 minutes before the sexual act, the tricky part of this question is that both the disease being treated or keep an eye on such unregulated drugs which then improves the surveillance.

Facebook Comments Box

Pos terkait