
Ing layar keypad angka das biasane kapapanake ing sisih tengen, tengene angka 9. Papan mungguhe angka-angka mratah diurutake saka kiwa menengen, kawiwitan angka 1 kapungkasi angka 9.
Das iku 0. Mula, tatacarane milang (‘membilang’): siji, loro, telu, papat, lima, nenem, . . . . . Milang iku nyebutake cacah, cacahe kang ana. Kang ana bisa arupa ‘apa’ bisa ‘sapa’. Mbuh ngapa kok parigawe milang diwiwiti angka 1, dudu angka 0 (dadi umpama milang ngene: das, siji, loro, telu, . . . ).
Mbokmenawa, karepe, merga angka 0 ora ana ajine, utawa dianggep ora ana ajine. Tegese ora ana sawijining ‘apa’ ora ana sawijining ‘sapa’ ing dhirine. Ajine angka iki ilang, murca, muksa.
Ing kawruh candrasengkala, tandang gawe kang anduweni aji ngilang uga dilambangake angka 0. Ing urip bebrayan padinan, banjur, oyod {das} dianggo ngrimbag tembung {dasa}: 10, siji lan das; 20, loro lan das; 30, telu lan das; pratandha ungeling urip. Utawa {padasan}: papan kanggo ngilangi rereged kang ana, padasan kisi banyu-suci, kanggo nggayuh trap-trapan urip kang luwih dhuwur.
Jumputane, yen ngono, das minangka sabarang ‘ana’ kang dianggep ora ana ajine. Kamangka, ajine das ya karana ora ana ajine mau. Ajine minangka dedalan tumrap anane ‘apa’ utawa ‘sapa’ kang ana: siji, loro, telu, papat, lima, . . . . . kang tarkadhang malah ora ana ajine.
***
(WG).