Luur… wes dha pirsa ta taneman pace? Pace utawa lumrah kasebut mengkudu. Wong Sunda nyebute cangkudu, neng Aceh diarani keumeudee. Neng tlatah Betawi utawa Jakarta kana diarani noni. Neng buku-buku pelajaran, sing disinau para winasis ing babagan flora pace iki duwe jeneng Latin Morinda citrifolia.
Taneman iki tuwuh ing dataran rendah kira-kira nganti 1500 mdpl. Ing wewengkon Gunungkidul akeh tuwuh liar, ora diupakara. Pancen taneman iki gampang tuwuh angger ana lemah sing loh, lan ora kasatan banyu. Paling ora kahanane lembab. Biasane tuwuh dialing-alingi taneman liyane minangka nggo eyupan.
Taneman liar sing arang digateake iki kanyata luar biasa kasiate. Para netizen saged nyinau saking Wikipedia ngenani kandungan zat aktive.
Aku gur arep ngandarake pengalaman pribadi sing tak lakoni sekeluarga. Aku nganggo pace iki minangka gantine shampo. Ya, shampo nggo rikma panjenengan. Sik nek tukun neng toko rega 15 ewu, Aku trima gawe dewe.
Carane gur gampang kok. Aku mau esuk golek 2 buah pace sik wes mateng, empuk. Terus tak remes-remes nganggo tangan karo diparingi banyu anget. Banyune terus disaring. Ya banyu sik disaring kuwi sik kanggo shamppo-an.
Lak ya gampang ta luur. Rong woh pace isa Dadi shampo 600 ml. Lumayan isa nggo seminggu.
Mangga dicoba.
***