Samphoo Sachet Loro

Bungkus sampho sacetan tertinggal di pinggir kali. Foto: Iwan.

SEPUTARGK.ID – Wingenane awan aku dolan. Swasana panas dadekake pepenginan awak tumuju banyu utawa ngeyup ing ngisor wit-wit gedhe sing edum. Ujuk-ujuk bojoku mrayogakake tumuju papan kang jenenge Bejiharjo ing Negeri Kahyangan. Jarene laladan iku akeh tuk banyu kang bening pindha mata bayi. Kacihna, pancen akeh foto-foto kang asring jumedul ing media sosial kang ngetokake papan-papan adi iki.

Tak sarujuki pamrayogi ibune Kidung, dasare anakke pancen uga seneng panggonan banyu. Kidung kuwi sinaosa durung bisa nglangi ananging menawa ketemu kolam renang utawa pantai, dheweke kendel banget nyilem lan tenang nahan ambegan. Ora kaya ibune sing kamigilan yen dijak nglangi sawise nyemplung banyu.

Bacaan Lainnya

Kocap kacarita, bareng tekan papan sing diarani tuk Sumber Beji, kita padha banget senenge amarga papane pancen edum, wit-wite gedhe lan godhonge iju. Apamaneh bareng weruh banyu kang kimplah-kimplah, ana suarane gemricik, ngasrepke ati amarga saking beninge.

Emane, ana pemandangan kang banget dak getuni. Shampo sachet loro kang katon gumletek ana dhuwur bambing. Mesti wae bekas kanggo kramas bocah utawa wong tuwa, utawa sapa bae kang nembe adus ana kene. Aku dewe ora ngerti sopo. Jian, kahanan iku dadi ora ngepenakke ati, kena apa kok ora dibuwang ana panggonane. Lha, wong sacedhak kono wis dicawiske tempat sampah.

“Pak, kuwi kanggo ngresiki awak ananging bisa dadekke alam rusak ta?” Kidung takon, sajake bar maca tulisan ana salah sawijining buku pelajaran sekolah. “Iya, mbak… alam bisa alum!” jawabku, limang kecap.

“Jadi dengan sabun badan dan pakaian bisa bersih tapi alam bisa rusak… wah, ditulis ya pak!” Kidung sajak pengin bapakne nulis bab kang wus daksarujuki jawabane.

“Lha, iya, mbak. Apa ya tegel menawa rambut, raga, lan sandanganmu resik amarga nganggo sampoo utawa sabun detergen ana tuk kang bening ananging sithik baka sithik bakal ngregedi alam?”

***

Pancen yen luwih jembar dipikir, sing disebut modern dadekake apa wae dadi praktis lan cepet. Klebu shampo sachetan sing gampang dianggo. Ananging kalamangsa lali menawa bab iku dadekake alam bisa alum.

Critane bengi iki, kahanan mata kang kelet, aku ditagih tulisan bab shampoo sachet loro, wis ngono wae sakanane.

***

Facebook Comments Box

Pos terkait