Sepucuk Surat dan Pos Wesel yang Ditelan Jaman

Telepon genggam telah menggantikan surat dan pos-wessel. Foto: Riswanto.

Katur dhumateng Simbok ing ndalem

Sembah pangabekti keng putra,

Bacaan Lainnya

Kanthi serat punika keng putra caos uninga bilih kawontenan kula ing Jakarta tansah pinaringan rahayu wilujeng ing pangamoyaning Gusti Ingkang Maha Agung. Semantena ugi dalem suwun, mugi-mugi kawontenan Simbok saha sedaya kulawarga ing mriki.

Kajawi saking menika, keng putra ugi caos kabar bilih kawontenan ing Jakarta saweg ketaman pageblug ingkang ngeram-eramaken. Prasasat sedaya babakan pertemuan lan pagawean ingkang kula ayahi dipun batasi, amargi nembe wonten penyebaran virus ingkang nggegirisi.

Keng putra suwun Simbok mboten sisah nguwatiraken keng putra, amargi keng putra tansah manut miturut dateng pamarintah ingkang sampun paring dhawuh kagem ngadepi penyebaran virus menika.

Mboookkk…. Keng puta nyuwun gunging pangaksami. Awit dinten riyaya samangkih mboten saged mantuk. Sepindah malih menika kagem kabecikan sedayanipun, para kawula lan pamarentah saiyek saeka kapti badhe nyegah penyebaran virus corona ingkang ngegirisi meniko.

Keng putro suwun Simbok saget mangertosi lan saget ikhlas narima menawi ing dinten riyaya samangkeh keng putra mboten saget wangsul. Menawi wonten kalodhangan wekdal keparenga Simbok tindak Kantor Pos Wonosari mendhet titipan wesel ingkang mboten sakpintena.

Mbookkk…. Kanthi serat punika, ugi katitipaken sungkem bekti saking anak mantu lan para putu ingkang wonten Jakarta, tansah amemuji mugiya Simbok tansah pinaringan rahayu wilujeng wonten ing pangayoman Gusti Ingkang Maha Agung.

Wasana cekap semanten atur keng putra, mbokbilih wonten kirang langkunging atur, keng putra nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.

Keng putra tuhu tresna,

Riswanto.

***

Mungkin semua yang aku tulis di atas tinggal kenangan, karena kemajuan teknologi yang begitu cepat, sehingga nulis surat dan berkirim wesel hanya tinggal kenangan. Untuk generasi milenial sekarang ini, tinggal angkat HP lalu WA-nan atau ngomong langsung juga bisa bahkan untuk video-call yang bisa melihat langsung wajah dari orang tua yang kita rindukan juga sudah bisa.

Namun demikian, untuk generasi seperti diriku ini, masa-masa dulu dalam keterbatasan yang ada menjadikan generasi yang tahan banting dan kreatif untuk menyikapi keadaan seperti saat ini.

Sekarang, aku pun mesti menyesuaikan dengan kemajuan teknologi yang ada, karena kalau nggak, orang seperti aku ini akan kepontal-pontal mengikuti jaman.

Aku tidak menyesali akan masa kirim surat dan pos wessel seperti dulu. Itu menjadikan aku kaya, setidaknya kaya pengalaman untuk menapaki kehidupan masa kini yang terus mengalami perubahan karena cepatnya kemajuan teknologi.

Masa berkirim surat dan pos wessel jaman itu adalah sebuah kebahagiaan tersendiri bagi orang sepertiku.

Wis gitu ajah dulu, biar aku ndak dianggep keponthal-ponthal….

Tertanda: Penggemar Tongseng Pasar Argosari

Facebook Comments Box

Pos terkait