Dolanan dhakon diwenehi tenger werna-werna ing saindenging bumi. Gumantung basa lan budaya-lokal endi anggone nengeri, maringi simbol ngelmu tartemtu, lan nglakokake dolanan iki. Ing Donya Kulonan dolanan iki dilebokake ing keluwarga Mancala (Syria, Lebanon, lan Mesir). Fragmen dhakon lan sawetara watu kang tinatah ditemokake ing Aksumite lan Yeha (Ethiopia), kang dening arkeolog diwenehi titimangsa antarane abad 6-7.
Dolanan dhakon nate disebut ing buku “Mysteries of Heaven and Earth” weton abad 14 kang ngrujuk marang sawijining dolanan anama qarqis; tembung liyane gebet’a utawa mancala (papan cature Wong Ethiopia). Tetenger dolanan keluwarga mancala kang lumrah dingerteni ing Donya Kulon ing antarane Omweso, Ünee tugaluulakh, Bao, Sungka, Ayo, lan Igisoro. Ana uga tenger liyane kang dikenal ing Afrika Kulon lan Karibia yaiku Ayò (Yoruba), Awalé (Côte d’Ivoire), Wari (Mali), Ouri, Ouril utawa Uril (Cape Verde), Warri (Karibia), Adji (Ewe), Nchọ (Igbo) lan Awélé (Ga).
Ing Eropa dhakon wus nate dianggo dolanan ing wiwitaning abad 17, lan jane ora tambah ngrembaka, kajaba ing wilayah Baltic lan Bosnia. Ing Baltic dhakon dadi dolanan kang kondhang, ingaran bohnenspiel, dene ing Bosnia tekane saiki ingaran ban-ban. Dhakon utawa mancala uga tinemu ing Serbia, Bulgaria, Yunani (aran “Mandoli”) lan ing Jerman iring Kidul. Tengere dhakon ing tembung Inggris jaman saiki yaiku Awari utawa Wari.
Amerika malah duwe populasi mancala kang luwih amba. Dolanan mancala tradhisional ing Amerika ana kang diarani kalah, ana kang diarani warra; isih dianggo dolanan ing Louisiana tekane wiwitaning abad 20. Ing Cape Verde mancala dikenal kanthi nama ouril; minangka dolanane wong-wong imigran Cape Verde (Afrika) kang digawa-sarta rikala ‘eksodus’ menyang Amerika. Wektu iki mancala utawa dhakon dinggo dolanan wong-wong Cape Verde kang manggon ing New England.
Papan dolanan dhakon anggota Kraton Ur ing Babylonia ing 2.600 SM minangka bukti manawa dolanan iki wis dianggo wiwit 3.300 SM. Ing Afrika akeh ditemokake papan dolanan dhakon kanthi ukiran kang endah, sawetara ing Kongo, Angola, lan Ghana. Carl Schuster lan Edmund Carpenter ing “Patterns that Connect” uga nggambarake sawijining papan dolanan pra-Hellenik kang endah, kang asale saka Siprus kanthi rerenggan: “pawongan-lanang” ing pucuk siji lan “pawongan-wadon” ing pucuk sijine.
Ing Nusantara, wewengkon ing endi uga ditemokake papan dolanan dhakon kang endah, dolanan dhakon wus ana mangabad-abad; nadyan kapan wiwite ana isih dadi rembugan (wis lumrah; rerembugan bab ‘sejarah’ iku pancen ora bisa bener-bener ‘titis’). Kaya panemon arkeologis ing Jordania, ‘penggalian purbakala’ ing Mojokerto, Lamongan, lan Bondowoso ing Jawa Timur nemokake papan-papan dhakon (kanthi lesungan/cluwokan kang tembene sinebut ‘sawah/tegal/alas’ lan ‘lumbung’) kang tinatah ing watu amba. Papan-papan dhakon kang tinatah iki ditemokake bebarengan karo artefak-artefak candi kang wus ora wutuh maneh lan barang-barang arkeologis liyane ing wektu-wektu kang luwih enom.
Piye dolanan iki bisa tumeka ing Afrika adoh sadurunge Masehi? Miturut Robert Dick-Read (2005), dolanan dhakon wus sumebar ing Afrika sadurunge dumadi ‘paseduluran-dagang’ antarane Afrika karo Mediterania lumantar laut utawa Gurun Sahara. Mbokmenawa, ora ana liya, ya Bangsa Nusantara kang ‘nepungake’ dolanan dhakon ing Afrika Barat ing wektu Kuna-makuna. Lhoh, kepiye kok bisa? Wong-wong Nusantara kuna wis laku among-dagang karo wong-wong Afrika, ngliwati Madagaskar (wong Madagaskar nduweni 20%-30% gen cDe-ne wong Nusantara), kang ora dimangerteni dening India lan Mediterania.
Iki kaya dene ‘penemuan-arkeologis’ ‘cengkeh’ ing Babylonia lan ‘wedhus’ ing Timor. Laku dagang antarane Nusantara-Afrika nggawa sakehing prodhuk budaya kang digawa sarta. Sumebare dhakon ing Afrika bebarengan karo tumekane sawetara ‘taneman pangan’ (pala-palanan) saka Asia Iring Kidul-Wetan, kayata pari (cerealis), tela rambat (dioscorea), keladi (colocasia esculanta), lan pisang raja (musaceae). Panaliten bab tanaman pangan Afrika saka Asia Tenggara iki ing antarane diaturke dening George Murdock, professor saka Amerika (1959).
Ing Nusantara tenger dolanan dhakon uga beda-beda saben wilayahe, kang lumrahe magepokan karo maneka warna kapercayan utawa ‘ngelmu’ lokal. Tetenger dolanan iki ing antarane: dhakon utawa dhakonan (Jawa), congklak (Melayu; Sumatra lan Malaysia), dentuman lamban (Lampung), Mokaotan, Maggaleceng, Aggalacang lan Nogarata (kiwa tengene Sulawesi).
Ing Sulawesi iki, dhakon dianggo dolanan rikalane nandhang kasusahan, sakwise sawijining anggota keluwarga tilar donya. Mbok menawa kaya para sedulur Gunungkidul kang samya nglayat (waca: ninggalake) ragane kanggo lumebu ing lumbunging-dhakon kang luwih bawera: ngendhat tali murda, kae.