Uwoh Dipangan Kalong

Uwoh jambu dipangan kalong. Foto: WG/Swara.

Uwoh kang isih medem, nyadham, ngarepake mateng (suluh), rikala kapangan dening kalong dadi cepet manggih swasana mateng. Yen ngene, tandang-gawene kalong sejatine ‘matengake’ lan ‘manisake’ uwoh. Manungsa kang ngopek uwoh banjur mangan uwoh kalongan utawa codhotan bakal ngrasakake uwoh kang manise ngungkuli swasana ‘mateng’ lumrahe.

Tegese: kang luwih dhisik murihake uwoh ya dheweke kang wenang ngelongi, dene sing sijine manggih sisane (sengaja kasisani). Manuk lan manu(ngsa) ing mangsa akeh woh-wohan sithik-edhing padha ngrasake soroting woh-wohan, yaiku dayaning panguripan tumrap kekarone.

Lan saiki mangsane “udan-uwoh”: papan-papan wisata ing Gunungkidul regeng sinuba wong-wong manca, banjur papan-papan iki kapasangan ‘flying-fox’, karengga kalong-kalongan. Papan-luwih-dhuwur iring kulon kagathukake mawa ‘tali-waja’ karo papan-luwih-cendhek ing iring wetan. Wong-wong kaajak ngrasakake kepiye sawijining kalong miber saka papan-luwih-dhuwur banjur magrok-mencok ing ngisoran: papane “woh-wohaning panguripan” mungguh.

Wong-wong kaajak ngrasakake dadi kalong: neniru patrape kalong; nggumandhul-nggumantung miber saka papan siji nyang sijine. Ananging, apa ora ana kang kalong rasane, utawa kosok-balene: apa ana kang tuwuh rasane: apa wit-witan gedhe papan gumantunge tali, tugu, saka-saka, pucuk-punthuk, dadi dudu sanyatane maneh, saderma dianak-anakake, diwewangun, sarta digawe-gawe, kareben kulawangsa manungsa bisa ngrasakke dadi kalong? Supaya piranti kalong-kalongan bisa nempil manise woh panguripan ing sawijining papan? Manu(ngsa) njur melu-melu ngalong, aklambi kalong?

Arepa kepiye wae, uger kadhesek ngalonge para manungsa, kasugihane buwana-gung suwe-suwe tansaya kalong. Manungsa (ng)lali bab ngelmu tapa-ngalong: tapa-nggumantung; tapa-nggumandhul; tapa mung nggantungake marang woh-wohan kang wus mateng (manis, dhandhanggula) wae, yeku woh-wohan pandom-pandum sithik-edhinge karo kewan aran kalong, pa-don-e ya arsa nggayuh drajad ‘pala-gantung’ kang sayekti: tali-murdane Hyang Widhi.

Ora malah kabeh woh-wohan kepara kabeh barang-panganan sumber panguripan lan panggantunganing braya-agung ing sawijining papan dientek-entekke dhewekan tanpa sisa, nerak angger-angger: sajatine kulawangsa-manuk lan kulawangsa-manungsa padha dene urip bebarengan-kekadangan lan padha dene nggumantungake siji marang sijine (magantungan). Lan, asring, manungsa malah seneng agawe kalong maneka bab-prakara, kepara kerusakaning buwana lan nagara. Agawe kapitunaning liyan (kewan lan taneman), agawe gempaling bebrayan, agawe rusaking kaluhuran. Buwana-gung, kewan, taneman, kepara kulawangsa-manungsa dhewe, alon-alon banjur nuju long, along (kalong).

Nuju suda; siji-loro ana kang mati, akeh kang merti.

Facebook Comments Box

Pos terkait