Manungsa nyoba amukti palagantung lan palakirna: ngripta nam-naman epring arang-arang kadulu banget anggone adreng arep ngrenengi/mbrongsongi woh-wohane, banjur ngrahabi palagantung palakirna mau dhewekan, ‘suwe mijet wohing ranti’ ngalongi jatahing liyan, njur (blas) nora nurahi sisa. Kepara saparipolahe mung ‘wurung tanpa uwoh’ sanyata.
Dene para manuk (klebu kalong), iya kadang-wangsane para manu (manungsa) dhuwur mau, genten nemu sisane: woh-panguripan kang tinemu wus growah-gempil kana-kene, kathah riripe. Dheweke bingung ing endi bakal magrokake ibere, ing palagantung-palakirna apa bakal ngusadani ngelihe. Jalaran woh-panguripane manglong (nuju rusak) tundhone. *** (Wong Gunung)