Ceplukan

Ceplukan. Foto: WG.

Ing mangsa rendheng (dudu rendeng) taun iki, mangsa panen kapisan lan tandur kapindho, e neng pomahane Simbok (tilas omah, njur saiki didadekke alas-pakebonan) isih tinemu ceplukan. Ceplukan adate tuwuh ing mangsa rendheng, dudu ketiga.

Jinise mbokmnawa kegolong suket-suketan utawa bayem-bayeman. Angger lemah garapane kebanyon, maneka warna tetuwuhan jumedhul. Mulabuka ceplukan karan “tuwuhan” ya merga ceplukan ika tuwuh, dudu srana ditandur.

Sing dikalapke isa woh-e, isa godhonge, isa oyode. Ujare, eh kleru, ngendikane wong-wong tuwa, woh-e isa nggo usada asam-urat, lan dene godhonge (digaringke sik, trus digodhog, banyune diombe) dinggo “darah-tinggi”. Ngendikane meneh, pait-godhonge (sing nggo usada mau) ngungkul-ungkuli paite woh maoni (adate paite woh maoni dileletke penth** nggo nyapih bocah).

Yen jaman biyen mono woh ceplukan dha dipangani bocah-bocah rumaja kalane mulih sekolah; woh ceplukan dha dilari-digoleki. Ceplukan dinggo rebutan. Mbuh biyen kae, saka dene ra ana panganan utawa alesan liyane.

Ning yen digatek-gatekke, woh ceplukan ora pati “enak”, ora ana legine, tur ambune semu wengur. Plak-pluk swarane rikalane uwoh ceplukan ditokke ska buntele. Ceklus-klethus gambaran pangemploke ing cangkem-tutuke. {WG}.

Facebook Comments Box

Pos terkait