Gambas

Gambas, salah sijining pala gantung. Swara/WG.
Gambas, salah sijining pala gantung. Swara/WG.

Dhesain tanem-tuwuh ing kebon, kudune diwangsulake marang anggone para leluwur ngronce pekarangane satemah ndayani sistem kesehatan rakyat lan sistem ketahanan pangan rakyat. Sumrambah marang teknologi, seni, arsitektur, managemen RT, lan sakpiturute.

Kepiye para leluwur biyen nenandur pring, kekayon, empon-mponan, palawija, palasampar, palagantung, palapendhem, lan palakirna ing sacedhaking brubuh, becike diriset lan diuripke maneh. Sistem kesehatan modhern wis mumet mikirke kepiye supaya “limbah-medhisin” ora nenambahi perkara (kang tekane saiki durung bisa diwudhari bundhete) satengahing masyarakat kang nandhang lelara. Durung maneh panganan kang dikonsumsi ya nggegeret marang lelara.

Ya, wis, ayo dha nenandur gambas, utawa cangdawa, utawa apa ngono, oraa ya mangan gambas, utawa cangdawa! Ing simboking palemahan: kebon.

Kareben bregas, kareben waras.

****

(WG).

Facebook Comments Box

Pos terkait