Esuk kui udakara jam setengah pitu, Kang Pono wes wiwit tata-tata. Kronjot katumpangake ana sandhuwure montor, ora lali arit lan taline. Tanpa pamit bojone, dewekke nuli lumaku golek dagangan gedhang. Mruput, wedi kawanan ndhak dho ditinggal neng ngalas jalaran saiki lagi mangsa panen pari.
Kang Pono kuwi biyen nate dadi juragan gedhe. Ananging amarga salah petungan anggone ngecakke duwit, dewekke bangkrut. Saperangan pawitane diapusi uwong ora bali. Duwit sing arep dinggo kulakukan ora ana.
Sakliyane kuwi, dhewekke uga kudu mbanyar cicilan bank saben sasi. Satemah usahane ambruk mbruk, cunthes gunthes, usahane mati kleset. Nganti pirang-pirang sasi dewekke gur dadi Panji Klanthung, mlaku ngalor-ngidul.
Ngadhepi kasunyatan kaya ngene iki sisihane ora mentala. Dewekke nuli adol ali-ali tinggalane swargi simbokke. Dhuwit diwenehke Kang Pono supaya dinggo pawitan. Kanthi pawitan mau, Kang Pono nyoba usaha anyar. Mbaleni urip seka ngisor, milih dadi bakul gedhang.
Alon-alon montor Revo sing wes prothol kui diuntir mlebu metu karang padhesan. Nganti jam 10.00 durung oleh dagangan. Gulune ngorong, wetenge keroncongan, arep mampir warung duwite cumpen. Ndilalahe ban ngarep sing wes gundul ndadak nggembos barang.
Udakara sekilo-meteran, Kang Pono anggone nuntun montor lagi methuki bengkel. Kringete nganti pating dlewer nelesi rai lan klambine. Setengah jam suwene dheweke nunggoni tukange rampung nambal ban. Sateruse gliyak-gliyak neruske laku.
“Kang… Kang…mandhegkon” pambengokke Simbah-simbah umure udakara 70-an tahun seko ngemperan omahe, karo tangane ngawe-awe Kang Pono.
Sing rumangsa diawe nuli marani pawongan mau.
“Tukunen gedhangku ana limang tundhun gelem ora?,” Pitakone simbah mau.
“Nggih, purun” semaure Kang Pono.
Cekak aos, gedhang sida dituku Kang Pono. Patang wit wes rampung ditegor. Gedhange kasil dipinggirke. Kurang sak wit sing durung ditegor jalaran papane rada rungkut. “Crooott…crooott…breeeesh” gedhang kelakon ambruk.
Nalika tangane Kang Pono arep ngranggeh tundhunan gedhang, dumadakan mbengok, “Aduhhh!!…” Pambengokke kaget kelaran, arit diselehke, nuli nyopot helm sing kawit mau dienggo terus diuncalke. Tangane yekeli kuping karo aduh-aduh.
Simbah sing duwe gedhang, mlayu marani. Dikira Kang Pono kena gaman. Sing disander ora omong apa-apa, tangane mithes kuping karo ndudingi helm sing mlumah. Saka helm mau nggramang kalajengking.
“Cepet, cekelen kalajengkinge! Aja nganti ucul, kethok buntute!,” simbah mau ngabani Kang Pono.
Kang Pono manut. Kalajengking dithuthuk ditugel buntute.
“Emplokken, ayo diemplok, mamah!!, Gek dimamah-mamah, cepet diulu, diulu!,” simbah mbengok-mbengok ngabani.
Anehe, sing diabani gur manut nuruti apa sing dingendikakke simbah mau. Karo ngampet lara, Kang Pono mamah-mamah tanpa ngrasakke pahit apa getir.
Leegh…legenderrr… Kalajengking diulu karo lingguh dheleg-dheleg.
Simbah mau banjur njupuke banyu putih sing ana njero kronjote Kang Pono, terus diulungake supaya diombe.
Kupinge Kang Pono sing maune panas kemranyas saya suwe saya lerem. Ora nganti setengah jam wes krasa anyep, mari, ora lara meneh.
Simbah ngendika, “pancen wadine kalajengking iku tawane wisa ana ing awakke. Dadi yen kepengin cepet mari, ya kaya ngono kui carane.”
Kanggone Kang Pono, kedadeyan iki mau mujudake sawijining pengalaman anyar sing ora bakal dilalekake. Dheweke oleh “Resep mujarab seka Simbah”.
Sawise ora lara meneh, anggone beberes dirampungke. Kang Pono ngaturke panuwun banjur pamit bali.