Dhakon

Watu dhakon kang ana ing Kali Gowang, Giring Paliyan. Dok: WG
Watu dhakon kang ana ing Kali Gowang, Giring Paliyan. Dok: WG

Wangsa pradesa ywa lali, ceblok-alu dha makarya,
anenandur atetanen, pari kacang jagung tela, aneng tegal lan sawah, wiji-pala trubus subur, tandho lumbung dadya kebak.
[Asmaradana]

Dhakon. Awake dhewe marisi tenger dolanan iki ‘dhakon’. Dolanan nganggo kecik (isi sawo) utawa barang-barang cilik liyane (wijen woh-wohan, krikil lsp.). Kang dipapanake ing ‘lesungan’ utawa ‘cluwokan’ kayu (kepara watu, dene ing jaman saiki bisa arupa ‘plastik’) kang jentrek-jentrek lumrahe acacah ganjil lan ing pungkasan jentreking lesungan/cluwokan mau ana cluwokane gedhe diarani ‘lumbung’ (waca: weteng).

Bacaan Lainnya

Dhakon dak-arani klebu salah siji palaning agrikulturalisme. Kenapa? Menungsa lair pisanan disangoni iptek agrikultur (among-tani among-tuwuh) kanggo nuju ‘beradab’. ‘Nyujarah’, amarga diwruhi secara langsung dening Gusti Kang Akarya Gesang utawa Para Hyang lan Bathara-bathari bab kepiye tata carane nanem lan ngolah, piye anggone basan-binasan, kepiye kridha mangun bale-omah (paralambang Tarub-Nawangwulan), nyipta piranti-piranti produksi (alu lan lesung, gathul lan pacul, garu lan wluku, arit lan bendho, salang lan pikulan, tenggok lan tomblok, tandho lan lumbung), ngripta pranatan wong-wong ing desa, mijilake sistem religi, lan sakpiturute. Sakabehe kang tinanem dening manungsa, manganggo maneka teknik mbudayane mau, bakal nglairake ‘pala’: undhuh-undhuh wohing pakarti.

Manungsa dumadi becik lair-batine akarana ngelmu agrikulturalisme. Ya bener: lan ora klemput maritimisme. Mbokmenawa Jawa-Nusantara iku papan-mula agrikulturalisme lan kewan ingon-ingon dirembakakake, uga ngelmu bab ‘olah-tani’. Karana wilayahe tropis lan dadi papan-mungguhe Angin Muson kang “ora diduweni” dening wilayah bumi liyane.

Ing kala purwa, kulawangsa manungsa (mbokmenawa salah sijine diwakili caritane Adam [Ras Dravida] lan Siti Hawa [Ras Arya]; utawa dak-umpamakke wae yen manungsa purwa diwakili ‘para leluwur Lemah Jawa’ kadi dene carita modhel Tarub – Nawangwulan) diparingi kawruh agrikultural. Sakabehing sistem ngelmu kang gayut karo tanem-tuwuh lan kepriye tatacara pangolahe palawiji-palawija-palapendhem-palakirna.

Ing wektu bacute Panjenengane padha migrasi (waca: ngulandara) nyang sajembaring bumi. Banjur nularake ngelmu mau marang tedhak-turune ing papan ‘anyar’. Ing tembe wangsa-wangsa (ras-ras) manungsa turunane nyebut dhiri-pribadine modheren/posmodheren, luwih canggih lan maju (kaya-kaya ‘tiba’ ska dhuwur), ananging tarkadhang (ng)lali yen ta sing nglairke dadi kaya saiki neng papan anyar mau tan liya ya adat agrikulturalismene simbah-simbahe.

Saka papan dununge biyene.

Salah sijining pala kang dilairke dening simbok agrikulturalisme yaiku taneman ‘pari’, palawiji, utawa sarici (Dravida), rice (Inggris), oryza (Yunani), cerealis (Latin). Kang tinandur, tundhone nuwuhake maneka unsur budaya kang nyengkuyung budaya nanem pari, ing antarane: seni, piranti-piranti tetanen, basal an sastra, sistem religi, teknologi, organisasi sosial, folklor, lan sakpiturute dhuwur mau.

Kaloro, palawija: kacang, dhele, uga jagung.

Mula, dhakon, sing takanggo judhul iku, minangka unsur folklor masyarakat tani saka jaman Kuna-makuna. Temtu wae ora mung saderma ‘dolanan’, wantah tegese, lan asipat lokal. Kosok balene, dhakon iku dolanan kang ‘tenanan’, ngemu makna religeositas, kepara astronomis, lan ngglobal. Globalisasi dhakon wus lumaku adoh sadurunge Masehi. Bebarengan karo sumebare budaya among-tani kayata: gamelan, gedhang, arsitektur, palawija-palapendhem, klapa/krambil, lan liya-liyane, lumantar prau-prau gedhe. Kaya dene wewujudane rerenggan dhakon ing tembene (dhakon apangawak lesung utawa prau, ing ujunge karengga rerupan ndhas ‘ula-naga’).

Saiki, dolanan dhakon dianggo ing saindenging jagad merga sakehing ‘alesan’. Sawetara wong yakin yen asale saka Afrika. Dening mayoritas ahli lan panaliti dhakon diarani saka Afrika, saperangan ana sing ngendika saka Lemah Arab. National Geography menehi ancer-ancer kanthi umur 7000-5000 taun sadurunge Masehi tumrap dhakon kang tinemu ing Jordania. Murray, sawijining profesor, martakake yen dhakon utawa congklak iku wiwit ana ing Jaman Mesir Kuna 15-11 abad sadurunge Masehi. Sawetara ahli uga ngomong yen dhakon lair ing Timur Tengah banjur nyebar (me)nyang Afrika. Saka Afrika dolanan iki ngrembaka (me)nyang Asia lan Karibia, uga (me)nyang Nusantara, digawa dening para pamong-dagang Arab lan India rikalane laku dagang udakara abad XVII. Ana uga ahli kang ngomong yen dhakon iku laire ing Afrika Tengah.

Sanajan mangkono, sing cetha, akeh ahli kang ngiyani yen dhakon iku game (waca: dolanan) kang paling tuwa kang nate ana ing donya. Sebab, manawa ditonton saka tlatah sumebare, dhakon wis ana ing wewengkon-wewengkon kang kalebu ing peprincen ‘kabudayan purwa’ kayata Mesir lan Mesopotamia; lan yen mangkono temtu wae dhakon ‘laire’ adoh sadurunge taun Masehi.

Facebook Comments Box

Pos terkait