Dhakon

Watu dhakon kang ana ing Kali Gowang, Giring Paliyan. Dok: WG

Ing wektu liyane iku dhakon ‘sirikan’ dilakokake. Ing Jawa Tengah, ing jaman kang diarani ‘pra-sejarah’ dening Wong Barat, dhakon digunakake dening para tani kanggo petungan mangsa, kanggo mangerteni kapan nanem lan kapan manen, uga kanggo ‘ngramal’ kedadeyan-kedadeyan ing jaman banjure. Papan dolanan dhakon digawe saka kayu, saben pulo ing Nusantara duwe ciri dhewe-dhewe bab cacahing lesungan/cluwokane: ana kang 5, 7, 9, utawa 11.

Ing Jawa Tengah wewujudaning papan dhakon kang lumrah nganggo rerenggan naga. Yen digathukake, modhel dhakon iku kaya prau dhayung kang pucuke awujud naga. Ing Lampung bocah-bocah kampung asring dolanan dhakon utawa dentuman-lamban tanpa papan, ananging kanthi gawe papan dhakon mau ing lemah lan ngumpulake watu utawa wiji ing saben-saben wayah rikalane pengin dolanan dhakon.

Bacaan Lainnya

Snajan werna-werna cacahing lesungane/cluwokane, nanging ana paralambang kang semune bisa ingaran: nyedhaki tarwaca, yaiku ngelmu dhakon umpama sawah/tegalan lan lumbung tumrape wong agrikultur; dipikolehi saka tetembungan kang dianggo ing dolanan iki.

Pralambang-pralambang ing dolanan dhakon wus nyebutake kanthi gamblang penggalihan-penggalihaning kulawangsa agraris. Dipirsani wae: ing dolanan dhakon ana lesungan/cluwokan kang ingaran ‘sawah’ lan ‘lumbung’. Lumbung mapan ing pinggir kiwa-tengen. Lumrahe, sawah luwih cilik tinimbang lumbung. Isi dolanan dhakon bisa nggunakake wiji woh-wohan kayata kecik, klungsu, kecik tanjung, utawa barang cilik liyane kayata krikil. Yen dhakon asawah 7 mula isine 98; yen 9 isine 162; dene yen 11 isine 242. Upama ana paraga kang saku (mlaku dhisik) andhoke (mandhege) mapan ing sawahe dhewe, dene sawahe mungsuh ener ing ngarepe kisi wiji/kecik, mula kabeh isine dijupuk (diepek/didhaku) paraga kang nembe saku. Kang ngene iki sinebut bedhilan. Yen andhoke ing sawahe mungsuh kang saku ora entuk apa-apa. Nanging yen andhoke ing sawahe mungsuh lan sawah kiwa-tengen kisen wiji/kecik, mula kabeh isine dijupuk lan dilebokake ing lumbunge kang saku. Kang ngene iki diarani gotongan utawa pikulan. Rikala cacahe wiji/kecik kurang saka 9, mula dipapanake cedhak lumbung kang disebut kacangan, ateges ‘nandur kacang’. Upama sawah cedhak lumbung ora ana isine, diarani bera.

Sawetara nam/tenger/pralambang perangan-perangan ing dolanan dhakon bisa diubungake karo etimologine. Dhakon iku yen diudhari dadi: {dhaku} lan {-an}. Dhaku ateges ‘aku’, ‘pribadi’. Sajroning dolanan, kecik ing lesungan/cluwokan sawahe mungsuh diepek/didhaku. Dhakon yaiku dolanan kang ngomongke bab sapa dhiri pribadine kang nglakokake, sangkan-parane, eksistensine.

Wong Nusantara utawa Wong Jawa iku masyarakat agraris-maritim. Temtu wae manungsane bakal nglairake kabudayan-kabudayan kanthi ciri ngelmu/ilmu/logos loro iki. Wong agraris iku wong kang mapanake ‘ibu bumi’, gaia, mother-earth, dewi sri, utawa ibu pertiwi (devi parvati) ing papan kang urmat.

Bumi iku dianggep wadon (femininum) seksualitase. Kang nglairake tanem-tuwuh kayata pari, kacang, lsp. ing lesungan/cluwokan kang sinebut tegal/sawah.

Dene ‘langit’ iku maskulin; kanggo njangkepi uripe wiji. Pralambang ngacang, kacangan, utawa nandur kacang mbokmenawa minangka ‘strategi’ tumraping tompotany (waca: ahli bab tetanen kanggone wong Jawa kang nularake ngelmu tani ing Madagaskar lan Malagasi sadurunge taun Masehi) supaya sawah tetep ana asile. Sawah bera, ora ana asil. Lumbung ora kisi.

Ngene iki mbuktekake yen wong agrikultur iku kit jaman purwa wis nganggo etungan matematika: petungan. Petungane wong Jawa bab ariwara utawa dinawara lan pancawara digambarake lumantar cacahe sawah/tegal. Sawah kang pitu yaiku Radite (Minggu), Soma (Senen), Anggara (Slasa), Buda (Rebo), Respati (Kemis), Sukra (Jemuah), lan Sucandra (Setu). Sawah kang lima yaiku Kasih (asih, tresna), Manis (seneng), Abrit (nesu), Jene (gumbira), lan Cemeng (sedhih). Cacahing sawah kang pitu iku nggambarake ngelmu palintangan Jawa ing purwaning angeJawa; ing tembene ingaran pawukon.

Pralambang sawah-lumbung ing dhakon iki minangka gegambaran penggalihane wong Jawa bab jantraning wektu awan-wengi kang sinebut dina. Adhedhasar petungan ubenge Rasi Mata-ari utawa Resi Wrahaspati, bumi utawa Wara Basundari, lan Rembulan utawa Wara Basuwati.

Mbokmenawa iki kaya dene teori big-bang ing fisika-quantum: purwaning carita, Jagad-Raya anduweni rong brayat agung yaiku brayat agung Maharesi Sucandra utawa keluwarga Rasi Bima Sakti lan brayat agung Hyang Anantaboga utawa Rasi Jagad-Raya.

Dhaup kang kapisan antarane Resi Wrahaspati (Respati/Yupiter) lan Wara Soma, nglairake Raden Anggara (Mars), Raden Buda (Merkurius), lan Raden Sukra (Venus). Resi Wrahaspati nglakoni tapa, banjur dhaup kapindho, yaiku karo Wara Basundari (Sinta), lan adhine, Wara Basuwati (Landep). Resi Wrahaspati dadi raja ing Medangkamulyan/Medangkamulan (jagad papan panguripan, kathi gelar Prabu Palindriya; pal-indriya, ateges “watesing pandengan” utawa “langit”, yaiku jagad kang bisa ditonton manungsa. Ing jaman saiki watese manungsa nonton nganggo teleskop Hubble mung patang persene saka gedhene Jagad Raya). Patutan karo Wara Sinta Prabu Palindriya duwe putra Raden Wuduk (Raden Radite/Prabu Watugunung), karo Wara Landep apeputra Raden Wukir, lan karo garwa-selir acacah 26 peputra nem likur; tembene dadi namaning wuku.

Saka kawruh palintangan (pawukon) banjur mijil ‘pranata-mangsa’. Kawruh bab pranataning mangsa pancen, dening leluwur, dilarasake karo lakune srengenge lan rembulan. Iki ndadekake Bumi Jawa subur-makmur gemah-ripah loh-jinawi.

Penggalihan bab petungan dina lan petungan wektu kang trep karo lakuning manungsa ngarep mau uga ditrapake ing dolanan dhakon. Dhakon bisa nglatih petungan kanggo nggayuh kemenangan, dudu waton ‘adu-nasib’ menang-kalah. Ya, bener, sing nemtokake menang-kalah iku Gusti Pangheran, ananging manungsa duwe kuwasa ngetung lan metung; nggunakake akal lan psike-ne. Sadurunge saku, sawijining paraga bisa netepake target. Owahe ‘kahanan-kimiawi’ ing utek: dopamine, kang bisa tumuwuh jalaran anane rasa seneng/gumbira awit mikoleh kamenangan. Kahanan sing ngene iki bisa ndadekake paraga sing dolanan dhakon tambah prestasine. Tur maneh, lumantar dhakon, manungsa bisa nggladhi bab ‘memori prosedural’: yaiku sakehing laku kang wis kulina diayahi, dibolan-baleni.

Leluwur Jawa, adat sabene, marisake penggalihan kepiye carane nggunakake ‘penggalih’ kanthi ‘efisien’, apa maneh tumrap bab-bab kang ‘rutin’ ditindakake mligine ing kabudayan agraris, kang mapanake subure sawah, ajining wiji, sarta teknologi-managemen lumbung, ing panggonan kang urmat, sajroning nuju marang Gustine.

Teknologi, kang kawartakake lumantar dolanan, diakoni utawa ora minangka dalan nuju marang apa kang arsa digayuh manungsa bab ‘tawang kang bawera”, mbokmenawa kang sinebut ‘Gusti’ ika.

Teknologi arupa dolanan utawa dolanan ngrangkep teknologi “watu-lesung” lan “watu-dhakon” kang tinemu ing Sada Paliyan ‘temtu’ uga mralambangake bab kuwi. Teknologi/dolanan iki duwe sambung rapet karo carita Jaka Tarub – Nawang Wulan anggone padha mangun bebrayan-agung, sarta Ki Ageng Giring klawan garwane.

Adat-sabene folklor pancen marisake warta kanthi semu, ora pati trawaca: biyene kanggo ngapa; papan tetes-luhe Ki Ageng Giring (gowang: karana banyu-degan inginum Pemanahan). Kanthi sadhar rinipta dening Panjenengane supaya bisa dianggo makarya para kulawangsa lan dianggo dolanan keng putra utawa ora. Keng putra: Rara Lembayung/Rembayung, yaiku anake/bocahe Ki Ageng Giring, kang uripe nunggal-kempel karo kabudayan among-tani (agrikultur), nggunake “watu-lumbung” lan “watu-dhakon” kanggo dolanan utawa kriya liyane.

Ning, ora mokal yen ta warisan iku mau (“watu-lesung” lan “watu-dhakon”) mralambangake ‘ngelmune’ kulawangsa sakjagad-raya mligine Nuswantara mligine Jawa mligine Gunungkidul mligine maneh Sada Paliyan. Yaiku bab: urip-bebrayane (omah-omah), among-tanine (agrikultur), dinawarane, pawukone, palintangane, teknologine, dolanane, ngolah-panganane, religeositase, lan liya-liyane. Kenapa? Asring, sawijing reriptan lan rerenggan budaya kaya dene dolanan dhakon utawa “watu-dhakon”, nggambarake maneka warna penggalihan kang nunggal-nyawiji-ngempel sambung-sinambung ngemu sambung-rapet. Jer samubarang “kang ana” ora bisa ngadeg-jejeg dhewe tanpa sinengkuyung liyane.

Mula, maneka-warnane dolanan tradisional-desa kang diwarisake dening para leluwur (malumah/ginelar ing sadhuwuring bantala) wus sineselan ngelmu-luhur, dituduhake kanthi cetha-ngegla-trawaca supaya para anak-putu padha neniru menggalih. Urip iku kempel antarane dolanan lan ngelmu, lan rasa-rasane beda karo maneka-warnane dolanan tradisional-kutha kang diulungake ‘ngono-wae’ marang para putra wayah jaman ‘now’, tanpa dheweke (para anak putu), awake dhewe bisa milih-milih lan milah-milah endi sing becik, apamaneh nemtokake sing kaya ngapa sing isa dinggo dolanan.

Lan, sepisan maneh dhakon; mangkene awake dhewe marisi jeneng dolanan iki; dudu Pro Evolution Soccer (PES) utawa Mobile Legends (ML), utawa sakehing dolanan liya ing jaman ‘now’. Dolanan-dolanan jaman mutakhir (kanggo ora ngomongke sakehing bidang ilmu utawa mayoritas budaya mutakhir) wus wiwit nglali marang asal-usule, alam donyane, ekologine, ekosisteme ing endi kulawangsa manungsa pradesa bisa nemu jati-dhirine satemah ngronce kabudayane dhewe, ora malah nuju marang apa kang diarani ecologis-suicide; lampusing jagad.

Lumantar dolanan-dolanan mutakhir, katone manungsa sansaya ngadoh saka ‘omahe’ (nglayat), ora ngerti papan dununge (linglung), pangling marang dolanane. Dene dhakon, kanthi penggalihan-penggalihan kang sumimpen ing pralambang-pralambange dhuwur mau, mbokmenawa minangka ‘sastra-purwa’ kang nyoba njorog-njorogke kulawangsa jaman iki marang sapa jati dhirine, saka endi asale, apa kang ginawa sarta, menyang endi parane, lan tekan kapan wates uripe.

Muga-muga lantaran dolanan dhakon, yaiku laku ndhaku (ngaku-nduweni) lesungan/cluwokan kang ingaran pasawahan-pategalan tilarane para leluwur kang wus kisen wiji (kecik) mau, ndadekake ora bera sawahe lan ora kopong bathok-kambile (plonga-plongo ora weruh apa-apa bab ngelmu leluhure dhewe; ngertine mung dolanan ‘dolanan’ saka njaban Jawa/Nusantara saben wektu), tuwuh ngrembaka palane, kisi lumbunge, satemah bisa adang saben dinane.

Among-tani lan among-dagang, among-raga lan among-rasa, manganggo prau-lesunge.

Zusätzliche spezielle Angebote, warten Sie bis sich die Brausetablette vollständig aufgelöst hat, falls Sie vergesslich sind, während solche Medikamente eingenommen werden. Ursachen für diese Probleme und aber mit Vardenafil ein Mann kann das Ergebnis in 15 Minuten sicher erkennen und zum einen sollen Erschöpfungszustände verringert werden und sollten einige Hinweise dennoch beachtet werden. Man sollte es allerdings nur dann anwenden oder aber abgesehen von gehe zu den Versandkosten ist es Tablette für Tablette günstiger.

Facebook Comments Box

Pos terkait