Iki gambar sega-jangan lan wedang-poci neng salah sijining warung ing Pasar Argasari (Argosari) Wanasari (Wonosari). Sega-jangane jangan-lombok tempe kulit mlinjo kacang tholo, dipupuki emi sithik.
Lelawuhane ana: tempe-bacem tahu-bacem, empal, dhadha-ayam-lehor goreng, rempelo-ati, ndhog-gemak, ndhog-glundhung semur, sarta ndhog-dadar. Wedange teh poci gula watu ing cangkir. Pacitane tempe buntel goreng lan tahu susur.
Takkira, saben-saben pasar pancawaranan ing kecamatan endi wae ing Gunungkidul duwe papan-papan kang nyedhiyani pangan lan omben kaya ngene. Kang banget ngangeni sega-jangan lan wedangane. {WG}.
Facebook Comments Box