Jam Kerja Ora Padha

Pedagang keliling di masa PSBB tetap berjuang menjemput rejeki. Dok: satuharapan.

SEPUTARGK.ID – Mak plenggong, aku ndomblong. Ujuk-ujuk ana mobil plat abang mandeg ana ngarep Panther tuwaku. Kamangka durung suwe anggonku narik rem tangan, minggir dalan gede, udakara lagi limang menitan. Malah ora mung siji ananging ana telu sing nyusul parkir ana ngarep Toyota gedhe sing pisanan mandeg. Ora let suwe, antarane ana wong wolu sing pawakane jejeg metu saka pintu. Wow, jebul ana razia.

Meh kabeh nggawa HP sing dicekel tangan loro ana dhuwur sirahe, sajakke lagi ngrekam kedadean sing ana ngarepe. Bapak-bapak seragam coklat saka Satpol PP, uga pak tentara, polisi, lan ana sragam biru perhubungan pa apa ngono. Ning ya ana sing putri, sawijining ibu sing nyekel buku, sajakke tolah-toleh, nyatet-nyatet apa sing dadi identitas warunge.

“Waduh, ibune pas ana njero” batinku. Warung iki pancen isih bukak, isih nglayani pembeli-pembeli-ne. Mau bengi, udakara jam 19.00 WIB aku, bojo lan anakku bali saka tilik pakdhene Kidung sing manggon ana Tawarsari, Negeri Kahyangan. Kareppe mono, bali sisan golek panganan kletikan kanggo anakke, mula golek sing cerak ngomah tur regane murah. Warung kuwi biasa kanggo kulakan. Mula ibune ngakon aku mandeg sedhela, mampir sadurunge tekan ngomah.

Sepuluh menitan, mbakke sing jaga warung metu sajak arep nutup warunge. Meh bareng karo ibune Kidung sing jedul saka jero warung lan nggawa plastik kresek ireng, lakune katon rada rikat.

“Mbakke, mau dredeg je Pak, mesakake sajakke wedi. Tur ndilalahe dewekke ora nganggo masker jew. Ning bapak-bapak karo ibu sing ngrazia ya ramah-ramah kok. Hehehe aku sing merasa bersalah jew, lha wis mampir nukoni wayah ngene…” Bojoku ngecuprus sawuse ora let suwe dheweke mlebu terus jeglekke pintu.

Dewekke lungguh ana ngarep lan tas plastik ireng isi jajanan kanggo Kidung wis diselehake. Aku nguntir kunci nyetater lan enggal ngoper perseneleng, mancal gas alon-alon. Aku pancen wis maca anane himbauan tumrap para pemilik utawa pengelola swalayan, toko kelontong, lan sejenisnya supaya wiwit bukak jam 08.30 WIB lan tutupe jam 19.00 WIB.

Aku durung patia dhong, apa ya alasanne, sebab sakngertiku bab dasare iku mau ora dicantumake. Tembunge bojoku “wayah ngene…” tembung iki ya tak rasakake lan ora sadar kepikir karo sikil mancal gas lan mata mandeng dalan lan penggokkan.

Yen dakpikir jam kerja kuwi banget bedane. Ana bakul bakmi, ana petani, ana sing njaga apotik kanthi jam kerjane sing ora pada. Bakul bakmi cetha bukak sore nganti tekan wengi. Ana maneh toko obat bisa uga ora ana wektu bukak lan tutupe, dadi buka 24 jam sing jaga ditata kanthi patrap siaga. Kadang tani uga beda maneh.

Aku dewe wis tau dadi buruh pabrik ana Jakarta sing mlebune ana telung shift. Shif sepisan mlebu jam wolu lan mulihe jam papat sore. Shif kaping lorone jam papat sore terus baline jam 12 bengi. Nah, sing shif bengi mlebune jam 12 terus baline jam wolu esuk. Biasane yen shif 2 aku sakanca bagian maintenance operator dijatah nglembur sajam sakdurunge, dadi mlebu jam 11 bengi.

Saiki aku dadi pelayan umat sing wis ora ana jam kerja sing gumathok. Ya mesti wae ana sing sifate rutin lan gumathok, kayata nglayani ibadah minggu utawa sembahyangan rutin ana wilayah. Ananging aku ya kudu siap nglayani sawayah-wayah kayadene unit reaksi cepat, reaksi ya dudu liyane.

Bali ngrembug bab jam kerja sing beda-beda, mligine warung kelontong. Mbokmenawa awit warung kuwi nyediani kabutuhan sing bisa ditata doltinukune mula jam bukak-tutupe ya diprayogakke ngono kuwi.

Sinaosa aku durung mudeng tenanan bab iki, mula pitakonanku isih ngene, “Apa ora malah ana penumpukkan pembeli yen jam bukakke disuda? Sing adil kira-kira kepiye ya, jam kerja kan ora padha? Yen dipikir apa ora luwih sepi lan tumata menawa luwih esuk bukak lan tutupe luwih bengi?”

Yen kaya saiki, kok dakrasak-rasakake malah ora ya, sakora-orane ora gampang dilebokke nalar.

***

Facebook Comments Box

Pos terkait