“Giring, wruhanamu, sapa kang ngombe banyu d(aw)egan iki, yen kongsi entek, iku saturun-turune bakal dadi ratu gedhe, amengku ing tanah Jawa kabeh.”
[Babad Tanah Jawi]
Simbokku ngingu (nanem) kekayon glugu neng kebonan loro cacahe. Jane sing nanem ya dudu simbok, ning simbah dhek jaman aku durung ana. Simbah marisake galugu, saluguning simbok kang nampa-narima ngono wae: gluguning ngaurip. Mula saiki glugune wis tuwa, wis dhuwur, wis rada angel anggone ngopek wohe. Glugune simbokku iku ingaran glugu ya krana minangka witing tetuwuhan utawa tetaneman sing diarani krambil/klapa.
Sing siji neng wetan omah (omahe simbokku adhepe ngidul; ujare simbok yen omah ngadhep kidul lan lor kuwi ora nantang-ngungkurke srengenge, ndadekake ora blereng utawa panas wayah esuk-sore; srengenge wetan-ngulon ungele, padha but-rebut ngasorake karo wengi/peteng, genti-genten; ning dakkira merga biyen rikalane ngedegke omah ‘etung-etungan’e pancen kudu madhep ngidul, tur meneh ngarepke dalan) sing sijine neng lor omah (buri omah). Neng alas simbok ya duwe glugu, neng kedhok wetan dhewe, cedhak brubuhan wewatesan karo pekarangane uwong. Alase isih jejer karo pomahane pawongan dhusun, mula alase simbokku asring sinebut alas-pomahan, sing tegese alas tilas omah (biyen alase simbok nate dinggo manggon urip; ana omah lan pekarangane; saiki wis malih dadi pategalan). Wong-wong padhusunan ing Gunungkidul kaya simbokku wrata duwe tetanduran glugu/klapa ing kiwa tengen omah (pakarangan, pakebonan) uga ing pategalan lan pasawahan. Yen ing desaku akeh-akehe wujud pakarangane pakebonan lan pategalan, arang kang pasawahan.
Mung ana saperangan kang pasawahan, mapan ing sapinggiring nadhi gedhe (Oya).
Ing wayah dawegane (degane) demegan (daginge kumlamut rikalane tinedha; banyune seger ingombe; swasanane ‘kemringet’ kaya swasanane bumi ing kala purwa ing carita kosmologi) simbok nyepakke genter (pring-dawa) kang dipasangi arit kanggo nyengget degane. Mulih ska dhudhuh neng alas, kang hawane panas makantar, nginum banyu degan kanthi nyucup lingiring bathok kang wis diparas lan dibolongi nganggo arit utawa bendho nuwuhke rasa kang seger banget. Banyu-degan iku sipate ‘nangekake’: sing sayah dadi gumregah, sing lungkrah dadi sumringah. Banyu degan, tanpa ngelong-ngelongi, ing donya biokimia pancen ngandhut unsur panyengkuyung bios (urip) ing tataran badaniyah, kayata: nitrogen, asam-amino, ion, vitamin C, kalium, mineral, gula, lsp. Mula banyu degan inganggep lir wahyu, kang ngurubake lan nguripake.
Mula banyu degan sinebut ‘warih’.
Simbokku jenenge dudu Warih. Ning, pancen, uripe pawongan dhusun kaya simbokku banget gumantunge marang warih, uga glugu lan sarandhuning badan klapa liya. Dakkira ya ora mung simbokku, ananging para kulawangsa klapa sak-indenging Nuswantara padha dene gumantung marang klapa/krambil. Mula ora mokal yen klapa ingaran wit-panguripan (kalpataru), wit kang ndayani urip bebrayane kulawangsa manungsa. Wit klapa iku pralambanging manungsa.
Klapa diklambeni tenger woh-panguripan mbokmenawa merga banget nyengkuyung uripe manungsa mau; mligine panguripane wangsa tropika kang mungguh ing equator. Maneka budayane manungsa manganggo dhirine-klapa: psikologine klapa, anatomine klapa, panganane klapa, kasarasane ya klapa, senine klapa, teknologine klapa, spiritualitase klapa, epistemologi (filsafat ilmu-ne) klapa uga. Taneman klapa klebu taneman endhemik kang asal-usule, ketoke, pancen saka Bumi Kalpa; Negri Kalapa: Nuswantara iki. Ning ya mbuh, kerep-kerepe dudutanku (anggonku nyimpulke) mung ngawur. Tanpa wewaton; waton. Ora ngilmiyah.
Swaraku— yen keprungu simbokku, kadhangkala ya waton (watuan): atos.
Othak-athik gathukku (ning ketoke ya laras karo ngelmu sekolahan modhel Kulonan ika, kang nganggo metodhologi “ngilmiyah”; ing kana tinemu ngelmu etimologi, etnonim, morfologi lan anatomi tetuwuhan lsp., kang temtune ora ‘mung’ saka tandang-gawe othak-athik ngene iki), wit klapa utawa kalapa yen diudhari morfologine {ka-} + {alap} + {-a}: bisa dikalapke, bisa dianggo, digunakake, dening kulawangsa manungsa. Sing trawaca, simbokku ya asring ngomong (ngendika) sarandhuning badan klapa bisa dialap (dianggo) lan dikalapke (dipigunakake). Lan awakku kang kit cilik cok melu ewang-ewang simbokku neng pawon ro kebon ya ngerti dhewe, ngrasakke dhewe. Simbahku, bapake simbokku, nate ngingu tawon ing emperan buri omah, nganggo glugu kang diwelah/disigar dadi loro, digrowong, njur ditangkubke. Kandhang tawon ska glugu digandhulke ing usuk. “Glugu ketlusuban luyung (kulit aren)”: yen omahe simbahku ketlusuban uwong sing namur-laku, omah lan madune sing diarep-arep bisa dirahabi ngerti-ngerti wis cinolong.
Wah, jagane vitamin amblas.
Simbokku ya asring nggunakke blarak (godhonge wit klapa) garing kanggo daden (ngurubake) geni ing pawon (papane awu; ing keren). Blarak garing gampang kobong sipate, mula lumrah dianggo para ibu rumah-tangga dianggo nyengkuyung anggone olah-olah: ngobarake geni. Utawa disuled dinggo colok lan obor-obor memadhangi rikala mlaku wayah wengi. Bebasane nggo penguripan, “kaya dene uripe obor blarak”, kang ateges ramene sabarang tandang gawe mung sedhela, mung neng wiwitan wae. Bocah-bocah dhusun ana kang nggegawe caping saka blarak kang dienam, biasane atenger caping-bebek (mbuh merga ngapa; apa merga dinggo wong angon bebek pa ngapa aku ra ngerti). Lan rikala bapakku (bojone simbokku) nggarap gendhing kanggo lomba “langen-carita” (sajinis operet) kang diparagakake dening bocah-bocah SD ing provinsi, lelagon dolanane sing dinggo nyelathu ing antarane paraga ndilalah “Blarak-blarak Sempal”; sinambi maragakake dolanane mau padha nenembangan. Blarak uga lumrah digawe nam-naman (bleketepe), dikaryakke dadi aling-aling, kranjang, utawa payung.
Kadhang kala, bocah-bocah anggone nggawa blarak dilarak, swarane “srak…srak…srak”, ya wis, ngono ya kena, anggere sedulure ora “dilarak kaya blarak”. Pancen dolanane bocah-bocah jaman cilikanku dhek semono wrata ngono kuwi: geret-geretan nganggo blarak.
Rikalane maksih anom (pupus), blarak sinebut janur, sumorot kuning wernane; pindha pakulitane wanodya ayu (kuning nemu giring). Nam-naman jamur biasane sinebut panjang-ilang, sipate medoki. Janur, kang sipate kaya gendhong utawa stagen kanggo ngembani (medoki), dipigunakake ngolah maneka panganan saka wos utawa ketan: kopat lan legandha. Papane janur dadi klambi kang nggubet beras lan ketan kang digodhog utawa didang. Simbokku yen gawe olahan-olahan nganggo janur ngene iki ya rada jago. Rerenggane beras lan ketan minangka palanangan, dene gubeting janur minangka pawadonan. Janur dadi bahan pokok narub, utawa gawe rerenggan plengkung ing pinggir dalan (tumrape para sadulur kang ngrasuk agama Hindu semono uga), mratandhani manunggale ‘jana’ (manungsa) kang lagi sumorot: madeg panganten. Rikala bojoku mawrat anakku 7 wulan, digawekke takir-ponthang, takir kang ginawe saka janur kuning, isen-isenane: sega-gurih warna kuning, abon, entho-entho, irisan kambil goreng, lan kacang-ijo goreng, pratandha nyenyuwun kawilujengan lan pitulungan mring Pangheran; papan nggumantungke (saka tembung {her}) samubarang. Jaman biyen janur uga digunakke kanggo gawe gawar, tali kang ditarik kenceng didekeki janur kuning, pratandha sapa sing liwat ora oleh mlebu.
Kembange, kembang klapa, ingaran manggar. Yen durung megar, bebakalan manggar sinebut patrem. Simbok nate nuduhke, manggar enak yen digudheg. Gudheg, klebu gudheg manggar, sipate legi (dhandhanggula). Mula, manggar dideres, dijupuk legene (‘nira’), didadekke gula Jawa (kaya ing wewengkon Sawah Lor, Banyusoca, Playen). Pentile, dudu penthile, diarani bluluk. Bluluk iku bakal cengkir kang durung kisi banyu. Yen bluluk tiba sadurunge dadi cengkir, mbebayani. Biyen aku ya nate ketiban bluluk, sirahku menjoto. Bluluk tambah gedhe dadi cengkir. Cengkir kang wis ngandhut banyu lumrah kanggo nyandra pakulitan utawa angganing manungsa (prembayun): nyengkir-gadhing, kuning semu putih. Yen pakulitane simbokku cetha ireng, ireng thuntheng (tak bangetke). Dhasare wong desa, tur wis tuwa; wis ora prawan maneh. Cengkir-gadhing lumrah dianggo para-lambang (lambang purwa) ing tarub panganten, yaiku gegambaraning prawan kang nedheng-nedhenge ayu sulistya. Mencorong, sumunar kuning, kadya tejaning srengenge.
Wanodya kang nyengkir-gadhing, sakwise dhaup panganten, dipralambangake kaya Bumi utawa Siti kang kemringet, metu kringete krana kataman dayane srengenge (piyayi kakung). Si Cengkir malih jeneng dadi ‘kemringet’. Barang-barang ing sadhuwuring Bumi pancen muksa (waca: ‘menguap’) nuju gagantara karana pangaribawane Bagaskara. Swasana ing jerone wis ngemot daging klapa kang lamat-lamat. Wayah arep ngopek dawegan, biasane wong-wong milih dawegan kang swasanane kemringet ngene iki, kemlamut rikalane mlebu tutuk, kamamah, nuwuhke rasa pengen nglamuti. Banyune isa diagem usada (obat), nglancarake lakune getih utawa uyuh (‘urin’), uga dadi usada tumrap wong-wong kang keracunan. Dene kemaruk, kang tegese lagi nedheng-nedhenge dikeruk utawa dikaruk, iki ngarani swasanane daging klapa kang pantes dikeruk. Lumrahe, kahanan klapa kang kemaruk dianggo bahan nggegawe es degan, es teler, lan liya-liyane. Sawayah-wayah simbokku arep nyambel mandhing, utawa mencok, utawa nggudhang, lan ngolah sambel kang nganggo bahan liyane, simbok milih kang wis gemobor utawa kemendho; daginge wis isa diparut, ning isih anom, dadi yen manjing karo bahan kang sinambel krasa legi lan empuk, dudu sepa lan semu alot.
Simbokku kerep ngolah jangan lombok. Jangan lombok katone wis dadi ikon tumrape para kulawangsa Gunungkidul, ing sangkan utawa ing paran; jangan lombok ijo, utawa jangan lombok abang, utawa jangan lombok kacang tholo. Sing dijangan lombok tahu, tempe, kadhang krecek. Sing diarani jangan lombok ya intine santen. Santen, utawa susune-jagad, utawa mani(k)e jagad, tumrape wong dhusun kaya simbokku dianggo ing maneka olahan panganan, klebu jangan lombok lan lodheh-lodhehan. Ing sawijining dina rikala simbok arep njangan lombok, dheweke nyengget klapa sing ana neng wetan omah (gugon-tuhone leluwur Jawa: nyengget klapa ska ngisoran kuwi ora pareng, ya yen dipenggalih, degan kang disengget bisa nibani endhas/sirah; mbebayani banget) nganggo genter dawa kang dislempiti arit tinalenan suwekan gombal amoh. Sing disengget temtu woh klapa kang wis diwasa, kang nuju kiring (garing). Klapa sing ngene iki ngasilake santen kang kenthel, kang nganil.
Sepete (kulit klapa) dening simbokku digaringke; yen garing biasane dinggo urub-urub ing pawon. Dhek jaman semana, sadurunge keset gampang tinuku kaya saiki (tur keset ya ana kang bahane sepet), sepet dinggo keset ing ngarep lawangan, apameneh ing mangsa udan kang sikile padha gubrat lemah. Sepet sipate kanggo reresik, gawe dhedhasaran sing becik. Sepet biasane dinggo gawe sapu. Bathoke, yaiku cangkok utawa wadhah kang mapan ing jerone klapa, sakliyane dipigunakake kanggo teknologi kayata beruk, siwur, enthong, irus, lan liya-liyane (sinengkuyung sipate kang keras), uga diarengke kanggo mbakar-mbakar. Biyen, rikala durung ana setrika listrik, areng bathok klapa dianggo setrika gombalan. Ana dene godhonge wit klapa kang mungkus glugune, ingaran tapas, pange ingaran papah (yen wis nuju garing sinebut bongkok). Ing mangsa simbokku nenandur dhele (mangsa udan kapisan) papah dikethoki, dinggo nggebuk dhele. Pomahane (tegalan tilas omah) simbok panen dhele. Pinilih papah kang isih teles, dudu sing garing (bongkok), ya karana dikalapke antebe, abote. Kulit dhelene pating cringih, ambyar, kataman gebukane papah.
Ketambahan simbokku isih rosa.
Ing tepining papah klapa, pating cringih mendawa gilig cilik-cilik wujude, katuwuhan balunging blarak (blarak nemplok ing kene) ingaran sada utawa lidhi (Indonesia: lidi). Sada pantes dinggo suji, utawa sujen, tumrap gegodhongan kang sipate mungkus. Utawa gegodhongan kang direnteng sambung-sinambung. Sada dadi pangunci, patrape ndlesep mlebu-metu ing godhong nangka, jati, gedhang, soklat, lan liyane. Sada dumadi pangawake sapu-sada, kancane sapu sepet, yaiku para sada kang akweh cacahe, dikumpulake, di’pulung’ake dadi siji, dirut (ditali, dibanda) kenceng manganggo welat pring utawa gombal; kaya pocong. Dumadi sapu sada. Sapu sada meh saben dina dianggo piranti dening simbokku lan wangsa dhusun liyane nyapu uwuh gegodhongan-garing ing pakebonan-pekarangan. Sapu sada bebasan nyawijine sada ka-anggo merlambangake nyawijine para kulawangsa padhusunan: rukun, rumaket, bisa ndayakake kasantosan. Sada uga ka-anggo dening para leluwur minangka rerenggan ‘sada-lanang’, yaitu sada kang duwe kasiyat tartemtu. Bocah Bajang lan Kleting Kuning cinaritakake nyekel Sada-Lanang.
Yen sada dinggo nggitik, mbokmenawa iki sing dirasakke Yuyu Kangkang, larane jan ora mekakat.
Pancen, miturut pangrasaku, saksapaa acecekelan ing pusakane leluhur (nate simbokku nyelathu ngene), bakal nemu bagya-mulya. Aja ngremehke lan ngiwakke ngelmune leluhurmu, ngene simbok mbacutake, ngelmune klapa. “Sapa wae kang bisa mengku klapa yaiku kang bakal mengku donya!”, unine sawijining pulung (wahyu) kang katujokake marang salah sijining ‘sada’ Gunungkidul: Ki Ageng Giring. Lantaran banyu-klapa (warih) ing sawijining wit klapa kang tinandur dening Panjenengane. Ki Ageng Sada gentur tapane tapa brata teki-teki. Kaweruhan kawruhe dening Mataram lan Pajang dadi tukang deres legen (panderes) ing Ardikidul utawa Selaarga: ing Sada Paliyan.
Yen bab critane Ki Ageng Giring Panderesan iki simbokku ora nate crita, ora weruh crita iki sajake. Sing crita malah aku nyang dheweke. Rikalane sore-sore aku bali nyang omah ska dolan ing Sendhang Talang Warih Sada Paliyan. Ditakoni saka endi, dakwangsuli saka Sada, nonton upacara babad Dalan, ro raup neng banyu sendhang. Ngono nggonku nyaut tembung. Njur klair crita-cekak sambung ro talang warih (talanging banyu degan) iki:
Samubarang iku nduweni sipat loro: kang lair lan kang batin. Laire awujud banyu dawegan, batine awujud sucining manah, mungguhe ing pulung ati. Kaya dene warih kang mangro (ana loro), yaiku kang metu saka oyoding wreksa gung lan kang metu ing garbaning klapa, samubarang nduweni sipat loro: kang mlaha lan kang wingit, kang dhuwur lan kang jero. Warih bisane mijil ing klapa utawa ing deleging wreksa ya krana Para Oyod greteh lelaku anggolek banyu—sumber banyu. Para Oyod, ing kene taktamakake marang Ki Ageng Pamanahan (manah: ati) utawa Ki Ageng Mataram lan Ki Ageng Giring (giring: tepi) utawa Ki Ageng Paderesan utawa Ki Ageng Selaarga. Sing siji ing tembe duwe panguwasa ing wewengkon pasawahan, sing siji pategalan ardi (redi, giri, gunung). Loro-lorone padha gentur atapa: ing alas lan gunung-gunung. Karo-karone (sadulur kakang adhi) nedya ngranggeh ‘pulung’, nggantungake lakune marang Gusti, wus pirsa bakal ana kang jumeneng ratu mangku Lemah Jawa. Temtu, kang bisa mangku lemah Jawa tan liya sang andana-warih; para siti kang pinendhem ing bumi.
Nuwuhke Para Dawegan; Para (U)Sada.
Ki Ageng atrap bumbung-panderes ing sadhuwuring tirisan. Panjenengane nuli ngrungu swara, “Ki Ageng Giring, wruhanamu, sapa kang ngombe banyu degan iki, yen kongsi entek, iku saturun-turune bakal dadi ratu gedhe, amengku ing tanah Jawa kabeh!”, pernahe swara ing degan mau. Ki Ageng Paderesan enggal mudhun saka anggone nderes, ora pantara suwe munggah maneh lan njupuk degan mau ginawa mudhun. Deresane ora digalih, mung degane ginawa kondur. Satekane ing daleme, degan banjur kaparas, nanging nora enggal kaunjuk banyune, krana isih esuk lan durung ngelak, kersane arep lelungan nyang alas sik dadi lan ngelake, arsa babad alas. Degan njur kasinggahke ing paga sadhuwuring pawon. Ki Ageng Paderesan banget amanah degan mau, mula ora ngopeni pegaweyan padinane kang nggodhogi legen agawe gula.
Sapungkure Ki Ageng Paderesan Ki Ageng Pamanahan rawuh ing kono, sarta mitakon marang semahe Ki Ageng Paderesan, “Mbakyu, wak-ane dhateng pundi, kok boten ketingal?” Nyi Giring semaur, “Raka Dika kesah dhateng wana ucal kajeng”. Ki Ageng Pamanahan banjur lumebu ing pawon, sumeja ngunjuk legen, karana ora nana legen, amung ana dawegan siji tumumpang ing paga, enggal kapundhut dening Ki Ageng Pamanahan, diasta mlebu omah, lungguh ing amben, sarta mbolongi degan kang wus kaparas. Nyi Giring kaget ningali degan arep diunjuk Ki Ageng Pamanahan, “Adhi, dawegan niku empun dika unjuk, welinge raka dika wantos-wantos, yen siyos dika unjuk, amesthi kula digitiki dening raka dika!” “Mbakyu, ndika sanjang yen kula kang meksa, sabab ngelak kula sanget!”, Ki Ageng Pamanahan banjur ngunjuk dawegan, entek sak-kal, ora sisa sakcret-creta. Ora pantara suwe Ki Ageng Paderesan rawuh, nggawa kayu, kaselehake, njur arep ngunjuk banyu degan. Mirsani ing paga degane ora ana, sigra mlebu omah, nemoni Ki Ageng Pamanahan lan mitakon marang semahe, “Daweganku kang takdokok ing paga mau ana ing ngendi?” Semahe amangsuli, “Rayi dika niku kang mendhet, kula penging boten kenging, wicantene saking ngelake, lajeng dipun-unjuk”.
Ki Ageng Pamanahan nyambung gunem, “Inggih sayektos kula Kakang, kang ngombe dawegan, tiyang sanget nggen kula ngelak, Sampeyan dukani inggih mangga!” Krungu wangsulane Ki Ageng Pamanahan, Ki Ageng Paderesan banget gegetun, meneng suwe. Perbawane amaratapa-linuwih, dadi panjenengane wus pirsa ing takdir, iya Ki Ageng Pamanahan kang bakal nurunake ratu kang mengku Lemah Jawa. Ki Ageng Paderesan mbela-awak kanthi sanjata swara kang mijil ing degan, banjur duwe panedha marang Ki Ageng Pamanahan bisaa tedhak-turune dadi ratu ing Mataram. Ngancik kaping nenem panedhane Ki Ageng Paderesan marang Ki Ageng Pamanahan, nembe diwangsuli kapasrahake ing Gusti.
Simbokku mung ngguya-ngguyu krungu critaku sing mung cekak, jane ora panjang kaya ngono (mung dakpanjang-panjangke wae ing tulisan iki). Semune wis weruh lan ngerti crita bab warihing klapa kang dianggo ‘rebutan’ sasadulur kuwi. Dadi rada isin aku, tak ‘aling-alingana sada siji’, tetep wae ketara isinku. Kelingan rikalane wis diparaske degan dening bapak, njur rebutan nucub banyu-degan ro adhiku sing lanang. Kanggo namurke isin, aku banjur matakon marang simbok, “Degane wetan ngomah isih ana ora ya, Mbok? Ngelak banget iki!”
Iku duk semana.
Sore iki aku lan anak bojoku dha sanja simbok. Bapak, ujare, nglatih karawitan nyang wewengkon Kepanjen dul-wetan kana. Simbok lagi nglumpukke uwuh neng buri omah, neng pawuhan, cedhak kandhang, nganggo sapu-sadane sing wis ‘gerang’. Sajak kaget dheweke, geneya sore-sore sada-lanange teka ora kandha-kandha. Lan saiki ‘sada-lanange’ (aku/awakku maksude), kang diantu-antu tekane, nembe tilik dhusun (bakal nginep sewengi), wis gedhe lan wis bisa ngeruk sawijining piyayi putri; snajan pakulitane ora patia nyengkir gadhing nemu-giring. Aku kang ora bakal bisa mangku simbokku, karana saben-saben wayah ing endi papan aku tansah ra gelem pisah njaluk dipangku simbokku, kaya “sada ninggal suh”; pengin ngombe banyu dawegan wae tetep njaluk tulung Si Simbok kon nyenggetke.
Degane wetan omah.
Si Sada (anake simbok, awakku mau) wus kabukti bisa mancurake banyu panguripan, snajan ta aduh sakadoh-adohe yen tinandhingake klawan mancure warih (banyu klapa) Wangsa Giring ing Sada Paliyan kana, utawa Wangsa Pamanahan ing Mataram, mijilake bocah wadon siji kang isih bluluk. Ya Si Gendhuk. Sesuk esuk aku, bojoku (kang isih isa diarani gemobor), lan Si Gendhuk, bakal bali nyang papanku golek-upa, nyucuk-nyucuk kaya manuk.
Ngiras pantes maraske genuk. Ngiseni wadhukku kang wiwit mberuk.
Witing kalapa katon ngawe-awe
Prayogane becik bali wae
Dene sesuk-esuk tumandang nyambut gawe
[Praon, Nartasabda]
[WG]