Obah Mamah Ubet Ngliwet

Panen pisang dari kebun. Foto: Ninik.

Sadengah papan, dalan-dalan cilik utawa lurung kabeh dipalangi lan ditulisi lockdown. Sejatine tembung mau apa teges lan maknane. Aku ora paham.

Kamangka aku iki prasasat gur bangsa e kaum sudra, Yen ora obah ora mamah. Saben dina njajah desa milang kori, adhang-adhang tetesing embun, ora duwe sawah dadi ora panen gabah.

Bacaan Lainnya

Trus yen arep obah wedi wabah. Lha terus kepiye anggone arep mburu cukup? Sedela meneh kudu mbanyar tagihan listrik, banyu, uga sampah. Eee..lha kok berase ya entek pisan.

Nanging Gusti Allah kuwi maha murah, Alhamdulillah isih diparingi wit-wit gedhang sing awoh. Muga muga sesuk yen didol neng pasar payu larang bisa diijolke beras.

***

Facebook Comments Box

Pos terkait