Aja Kakehan Sambat

Bekerja di daerah ngare, pulang ke Gunungkidul bawa pakan ternak. Foto: Toro.

Aja kakean sambat yen mung kurang turu merga tugas saka guru. Deloken kae, pra kanca mangkat makarya sadurunge ketok srengenge. Budhal mruput, baline wis surup. Sinaosa kurang ngaso, ananging tetep kelingan anak bojo.

Aja kakean sambat yen mung merga kesel awakke lan isih nanggung gawean liyane. Deloken kae, uwis bar nyambut gawe isih golek pakan, suket sapiturute. Mbokmenawa njaluk kanca utawa juragane sing duwe pekarangan akeh wit, suket, lan godhonge.

Bacaan Lainnya

Aja kakean sambat yen mung merga adoh panjangkane kaya-kaya ora tekan-tekan digape. Deloken kae, nggawa damen, suket gegodhongan, dibuntel utawa dibagori, lan diboncengke motor mlaku seket kilonan adohe.

Aja kakean sambat yen mung ngadhepi bebaya kang ana ing tengen lan kiwa. Deloken kae, uwis nggawa barang akehe semana, nrabas dalan kanthi toh nyawa.

Aja kakean sambat yen mung ngrasa kaya-kaya ora ana sing nggatekake. Deloken kae, tekan ngomah durung karuan dialem apamaneh dipijet awakke.

Dheweke mung ngrasakke sokur merga isa nggawakke pakan kanggo urip sato kewane. Ora ana sing dadi tandingan kabungahane kejaba sapi utawa wedhuse isa mangan.

Ora ana sing gawe mongkoge ati kejaba weruh anake isa tuku dolanan. Ora ana sing isa nggawe awakke rumangsa lanang kajaba isa nyumbang sedulure kaya bature, bisa umum uwong.

Mula, sambate ora usah kakean. Cukupan wae.

Facebook Comments Box

Pos terkait