SEPUTARGK.ID – Wee, lha, kok gliyar-gliyur tur mleyat mleyot. Mangkono suwaraning batinku, nalika dak delok saka mburi. Mlakune motor ana ngarepku kang alon lan katon nggawa momotan abot.
Begjane, ora let suwe dheweke minggir lan mandeg, katon mbenakake posisi barange. Lha, jebul drum gedhe loro kang gandeng dawane kira-kira patang meteran. Ya genah, yen kronjot kang nyangga kaya dadi mleyot lan lakune rindik dadekake rong mobil kang ana burine ora wani nyalib.
Aku melu minggir. Nyawiske diri manawa bapak sing numpak motor kuwi butuh pitulungan. Lha ya katon abot tenan kok. Jebule dheweke ora mudun, mung ngobahake kronjot disurung mudun supaya rata lan imbang bobote kiwa tengen. Aku ora sido mudun. Tak rogoh sak jaket lan njupuk HP kanggo jepret, moto kedadeyan kang dak anggep langka kuwi.
Motore wiwit mlaku lan aku tetep ngetutake ana burine. Pancen ya wedi nyalib ning ya sasisih arep ngampingi mbokmenawa ana bab kang dadi memala, ngelingi dalan aspal sing dilewati kalebu sempit.
Tekan bangjo, dheweke kandeg lampu abang. Aku moto maneh. Byar, lampu ijo murup padang lan deweke ngarahake motor lurus mangarep, wondene aku ngiwa. Aku kiri kowe lurus, wis beda dalan, batinku darboy-nan.
*
Sauruting dalan tumuju ngomah, aku ngrasakake kahanan mau. Mlaku ngetan alon karo mbatin sora, “Kaya mangkono kahanane manungsa. Mesti wae ora ana sing lila rekasa nganti kliwat kakuatan raga lan pikiran. Ananging kasunyatane, akeh wong sing kudu ngadhepi kang kaya mangkono awit kapepet dening kahanan.”
Mula manawa ana sedulur kang kahanane lagi kaya mangkono, ya ora usah maido, ngasorake, utawa nandingake kahanane marang awak dhewe. Manawa kalamangsa dheweke minggir lan leren, anggep wae pancen kudu unjal ambegan lan mulihake kakuatan.
Sejatine dhewekke lagi ikhtiar, nerusake ngrumati jati dhirine minangka manungsa kang duwe laku mirunggan, ora pada siji lan sijine.
***