Bendho Kendho

Sabit bendho. Foto: blibli.

SEPUTARGK.ID – “Lha, Ibumu kuwi ngenteni bali Bapakmu puluhan tahun, lha saiki bareng Bapakmu bali temenan kok arep mbok pateni?”

Bocah lanang umur rongpuluhan tahun kuwi banjur meneng. Blas ora bisa omong maneh. Ilate kaku bareng krungu pangandikane lirih ibune. Suarane wong sing dianggep makhutaning urip iku kaprungu kaya mantra sing ngendakke umbuling getih tumuju sirah. Banter ilining ludira saka jantung sing kakompa dadi mampet awit ana pangandika. Dewekke mingkem, cep-klakep.

Bacaan Lainnya

Yen disawang sakeplasan, nom-noman mau pawakane kuru. Rambute cendak lurus-kaku, njegrak. Pakulitane werna coklat peteng lan awakke rada doyong kurang jejeg. Cah enom kuwi maune mangah-mangah kaya-kaya sarirane Bapakne arep dimamah. Ananging sabanjure awakke kaya disoki brongkalan es batu, saknalika awakke nggejejer ketok ora obah, kaku kaya paku.

Sajakke bocah lanang kuwi wis tau kelaran atine. Tatune sumimpen dadi kecut asem kaya-kaya tandhes ana dasar jurang atine, jeru banget. Yen disawang gelagate, mbokmenawa rasane bisa digambarke cemengkring kaya kulit pipi kecocok eri utawa kaya suwekan tatu sing disoki banyu uyah banjur krasa perih mengangah.

Uwis puluhan taun biyunge sing banget ditresnani ditinggal minggat bapakne. Pria kang dianggep ora wani mikul tanggung jawab ngopeni brayat, anak-bojone. Wawan ora t’rima. Dhewekke ngrasakake kahanan sing ora sabaene. Mula uripe banjur brangasan, seneng ngombe wedang atos karo kanca-kancane, nyoba pil koplo karo gela-gelo, semono uga nyimeng ben dianggep nggleleng.

***

Ing awan kuwi kahanan katon padhang. Srengenge sumunar panas nggaringke memehan sing dijereng ana plataran. Ananging sumlengeting srengenge uga dadi gambaran blerenging mata dadi kaya wuta. Kahanan prampang kaya atine si Wawan sing durung suwe krungu menawa bapakne arep bali ngomah. Atine mangah-mangah, matane abang mbranang.

Bendo disiapke kanggo mratelakake rasa dendame. Dumadakan… “Lha, Ibumu kuwi ngenteni bali Bapakmu puluhan tahun, lha saiki bareng Bapakmu bali temenan kok arep mbok pateni?”

Merga pangandika biyunge iku mau deweke kendho. Ngilo, banjur mratelakake yen rasa katresnan marang ibune bisa ngasorake tatu sing suwe manggon ana atine. Rada beda karo Bagong sing ana pewayangan Seno nggawa bendo arep jotosi mungsuhe, ora kendho sanadyan ana pangandika sing menggak anggone tumindak.

Kanggone Wawan, pengalaman iku tansah tumancep ana perangan uripe lan niate ora arep ditutup-tutupi. Ananging dibagekake kanggo pepeling tumrap diri lan marang sapa wae sing wis rumangsa bener dewe utawa rumangsa manawa patrap eleking liyan bakal mbegegeg ora obah.

Kahanan pancen bakal ewah gingsir. Wondene patrap nalisir ing wong uga ana watese. Wawan tau ngomong menawa dewekke arep tansah mratelakake urmat lan sungkem kanggo para ibu sing tansah luber lan lumintu sih piwelase, tan ana tandinge.

Sore ana ing Nagri Kahyangan, Januari 2021.

***

Facebook Comments Box

Pos terkait