Singgetan

Singgetan Omah, Karangmojo. Dok: WG
Singgetan Omah, Karangmojo. Dok: WG

Ya ran papan pamoripun, kawula kalawan gusti, lagi roroning atunggal, durung awor dadi siji, mangkene wewijangannya, rasakena kang patitis.
[Kinanthi, Jiwandana; Mangunwijaya]

Wewengkon ing endi barang-urip kayata manungsa, sato-kewan, lan tetuwuhan bisa manjalajah mrana-mrene ing sajembaring jagad-agung kasingget. Kawatesi. Kaendheg sedhela. Wewengkon-urip mapan ing swasana kang tanpa wates lan ing wektu kang padha manggon ing swasana kang winates jembare. Sawiji kang urip mapanake, utawa pase wis dipapanake dening Pang(h)eran, ing wewengkon kang sinebut pribadi ning ya dadi perangane kumpulaning pribadi-pribadi utawa wangsa (kaya etimologi tembung “kula-wangsa”: kula kang mandhiri ning dadi bageyane wangsa).

Bacaan Lainnya

Ana trap-trapan utawa undhak-undhakan ing antarane wewengkon mau. Trap lan undhak kang awujud singget. Wates. Sela (ning ana isine). Singget, utawa wates, utawa sela-sela, ing antarane ros-rosan epring, ing antarane tebu, ing antarane senthong, ing antarane omah, ing antarane sawah, ing antarane pakebonan-pategalan, ing antarane dhusun-desa, ing antarane dhusun-desa karo pasawahan-pategalan utawa alas, ing antarane daratan lan banyon, lan liya-liyane. Wewengkon sing luwih bawera ngemot singget-singgetan sing luwih ciut, lan dadi perangane sing luwih bawera dhuwure. Sing luwih bawera dhuwure isa diarani ciut karana tinandhingake klawan kang luwih bawera sapandhuwure maneh. Mangkono sateruse ing antarane wewengkon mau sinelan sesinggetan. Sesamaran.

Sesinggetan kang ngegla ning ora pati cetha.

Ing dhusun, wisma/omah/griya/dalem kuwi lumrah nunggal pager lan nunggal kalen ro tanggane (takkira ing kutha jaman saiki ya kaya ngene kahanane, kepara luwih cedhak maneh: nunggal tembok); “tepung ropoh sambung kalen” bebasane. Watesing wewengkon ana, ning ora ana. Wewengkoning omah kasingget dening pager lan kalenan. Pager lan kalenan minangka wates antarane omah-pribadi (omah-siji) lan omahing-liyan (sijine). Omah-pribadi lan omahing-liyan kadhang pinisah, tarkadhang wor-suh. Kulawangsane padha mlebu ing sijine. Iwen-iwen ayam ing kandhang semono uga, kadhangkala njajah njeron omah (panggonane manungsa) ngliwati lawang kang menga. Ana kalane ayam gliyak-gliyak milang-milang tekeng alas (papane gemak lan liyane) ora mung saba kebon lan pekarangan; nglumpati nggluthikan, kalenan, gunung cilik ing tepining pakebonan; lawang anuju alas pategalan, notholi tethukulan. Lawang, rikala wayah tartemtu, uga dianggo liwat para pandung kang nyatroni omah. Kamangka saben-saben wewengkon wis ana barang-urip kang ‘adate’ manggoni; dadi omahe lan sabane.

Kalenan, pager, lawang, tembok, lan punthuk nyingget omah siji karo omah liya, antarane manungsa karo kewan lan taneman, kepara antarane alaming-manungsa (janaloka) klawan kadewan (kalangitan, swargaloka). Kabeh minangka aling-aling.

Wisma/omah/griya/dalem uga sinebut gedhong: barang/wewangunan kang ngruket, ngrukel manungsa (tumrape kewan duwe aran dhewe-dhewe; kanggo ngemban tumrape bayi; wewengkon/petilasan suci ing Gelaran Bejiharjo Karangmojo, saklore Guwa Pindhul). Temtu, kang digedhong tumrape menungsa ora mung tata-laire wae, ananging uga tata-batine. Ing tata-lair kang dialing-alingi ya blejed-anggane manungsa lan kulawargane kang mapan jero omah, prabot, asil panen, pustaka, pusaka, gamelan, uga barang liyane. Ing tata batin sing disinggeti ya sing magepokan karo wor-winore kulawarga lan Pangerane. Tembunge: kamanungsane digedhongi (ing wewengkon omah kang luwih cilik).

Ing singgetan.

Omah minangka gedhonging manungsa disingget, dialing-alingi, digebyoki. Ana perangan omah-buri (biasane wangunan omah iku yen ora kiwa-tengen ya ngarep buri, pisah utawa gancet, kombinasine isa limasan-limasan, kampung-kampung, kampung-limasan, kampung-joglo, lsp., lha sing diarani omah-buri ya omah sing papane buri dhewe) kang pinisahake karo perangan liya nganggo singgetan utawa aling-aling utawa gebyok. Papane uga diarani singgetan. Yaiku papan ing omah buri kang kaling-kalingan gebyok. Umpama diurutake: 1) omah-pribadi iku singgetan saka omah liyane/tanggane, 2) omah-buri iku singgetan saka omah-ngarep, 3) singgetan, papan kang disingget/dialing-alingi mau, minangka singgetan anyar tumrap omah-buri. Singgetan dutupi. Diwatesi. Digebyoki. Ing jeroning singgetan ana sing wingit, sakral, lembat, sing batin, ora kabeh kanthi tarbuka diblaka-sutakke marang wong liya. Barang-barang ing jerone dialing-alingi.

Wisudan manten (perangan kulawangsa kang bakal omah-omah) uga nggunakake singgetan utawa gebyok ing burine. Kaya-kaya ana papan, alawang, ing burine sri panganten kang nedheng-nedhenge manganggo busana kang mompyor. Sumirat kuning. Snajan gebyok aling-aling mau mepet tembok. Ana papan suwung, nyenyet, ora katon, ing burine panganten: lakuning bebrayan agung marani papaning Pang(h)eran. Tumrap kang wus mangerti jagading bebrayan, sakburine/suwalike gebyok iku kang sejatine bakal tinuju dening sri penganten sakloron: mangun bale omah kang tuhu.

Lan sawise penganten omah-omah njur mangun omah lumrah misah perangan omah sing sinebut singgetan dhuwur mau, uga senthong ing jeroning singgetane. Papan perangan omah sing diarani singgetan iki arang diambah. Ora saben wektu dileboni dening sing duwe omah (apamaneh wong liya sajabane kulawarga). Kala-kala. Dibandhingake karo perangan omah liya. Iki papan nyimpen wiji, wos, pusaka, pustaka, utawa piranti-piranti omah liyane kang isih diperlokake gunane. Kang kagungan aji. Kang wingit. Anggone ngetokake gumantung keperluan. Ing wayah tartemtu kaya dene mangsa panen, singgetan diurmati, diupacarani. Cilik-cilikan. Sebab, papane singgetan-omah ing omah-buri kuwi magepokan karo dina burine wong sing bebrayan. Yaiku bab kapitayane marang Pangeran lan cadhonging panganan. Ing mangsa sawijining kulawarga duwe gawe (ewuh), singgetan dadi perangan omah kanggo nyimpen maneka dhaharan pasugataning para tamu, lan ora ‘ilok’ para rewang mlebu-metu ing papan iki yen ta ora ana wigati.

Singgetan lan ubarampe ing jerone jinaga temenanan. Singgetan iki wewengkon kang sakral, kang ‘privat’.

Jamane masyarakat kang asipat tinarbuka marang pribadi/wangsa liya saiki iki ndadekake singgetan omah pribadi kang maune wingit (privat, personal) malih ora maneh. Samar. Akeh bab kang kanthi kajarak (utawa ora) kababar, katuduhake, lan kasrahke marang pribadi/wangsa/negara (kasuse Snowden; utawa kapital kang mlebu-bledheng tanpa glondhong-pengareng areng marang sawijining wewengkon) liya kanthi gampang, iya lumantar WA, BB, FB, twitter, IG, web, lan liyane. Sapa dhirine, apa sing diduweni, lsp., kabeh dibabarake. Ana mumpangate. Ning ya ana kekurangane. Barang kang maune sakral, mung wanci tartemtu wae ditokake, utawa kanthi pertimbangan tartemtu ora perlu dituduhake, malih kanthi gambang disekulerake (profan). Weweh, weneh, sing maune asipat pribadi (personal, privat), dumadi kumudu dituduhake marang akeh wong (komunal); kepara laku weweh-weneh kang diadani massal lan kumudu dilapurake marang massa uga. Barang, wewengkon, pribadi, kang biyene sakral (suci), saiki ora dianggep maneh. Sing biyen sumimpen ing omah-buri, saiki dipajang ing emperan, ing etalase.

Omah-buri gegayutan karo tembe-buri, mendhem ing buri mbesuke. Karo lestarine. Karo kapitayane. Keimanane. Karo dhiri-pribadine kulawarga sing lebet. Banget. Yen wis dimanggakake, “Mangga, katuran mlebet!”, nembe wong liya (tamu, tangga teparo) jenjem mlebu ing omah-ngarep. Njur yen wis dimanggakake maneh mlebu omah buri, lagi wong mau mlebu omah buri. Yen wis ana pratandha pikantuk mlebu singgetan, saking wigatine, lagi mlebu (arang sing ngene iki). Amarga kang klebu peprincen buri utawa buri sing paling lebet ika lumrah dianggep bab wigati (banget) tumrap sing kagungan omah. Kang lebet tumrape kulawangsa manungsa ya klebu senthong kang ingaran mayapada, utawa Langit. Antarane manungsa lan Langit kasingget papan-papan kang dhuwur ing perangan omah.

Papane ya ing dhuwuran.

Omah lan perangane tan liya ya dhiri lan perangane manungsa.

Omah-gung sing diarani Gunungkidul, yen mangkono, kudune duwe singgetan utawa senthong-senthong kang kanthi sadhar (eling) disinggeti, digebyoki, diwatesi, dikaleni, dilawangi, lan digedhongi mengiwa-manengene sarta mandhuwure dening kulawangsane. Ginawe wates karo wangsa liya. Karipta singgetan antara Kawula lan Gustine. Ana kalane rikala singget, gebyok, wates, kalen, lawang, lan gedhonge binukak: manggakake wong liya mlebu manjero. Apamaneh ing jaman sing sarwa tarbuka iki (utamane bab kapital). Akeh kulawarga kulawangsa kang rame-rame ngetokke jati-dhirine, sarwa promosi, sarwa ngunggahake wewayangan-dhirine (citra-ne) lumantar ‘brand-image’ utawa ‘brand-city’; lan ‘brand-desa’ utawa ‘brand-dhusun’ barang. Singgetane Gunungkidul ya papane wijining omah-gung Gunungkidul. Alas, kali, guwa, taneman-asli, tlaga, punthuk, gunung, gisik, sumber-banyu, laut, lan sakpiturute. Ana perangan kang kumudu disingitake. Diwingitake. Diupacarani. Digedhongi. Supaya ora malih sekuler sakabehe. Malih kaedol samubarange. Kang disinggetake, disingitake, iku pusaka. Pusaka ora pantes dianggo sawayah-wayah, apamaneh kanggo ngunggulake lan moncerake dhiri pribadine dhewe; nggepuk sadulure.

Mula, sawijining omah/bale/griya/wisma, klebu Gunungkidul, perlu disingget: ginawe singgetan. Rahe/getihe prakara-prakara wigati kang gayut karo tembe-burine kulawangsa Gunungkidul sumimpen rapet. Kaumpet. Kagebyok. Kagedhong. Yen bisa ora kaumbar banget-banget. Disingit (“donya-kalempit” ing basane wong sekolahan). Kareben kebak greget.

Njur nora gampang pingget.

Ngaling-alingi pengeling-elinge kulawangsa Gunungkidul marang Pang(h)eran saka pangrabasaning drajat tuwin semat.

[WG]

Facebook Comments Box

Pos terkait