Sinau saka Triwarna

“Galo kae genderane kumlebet angawe-awe!
Abang-putih Sang Dwiwarna iku lambang sejatine. Negara kita wus mardika kang adhedhasar ‘Pancasila’.
. . . . . ”
[Pethikan Lelagon, Ki Nartasabda]

Bacaan Lainnya

Mega-struktur, utawa wewangunan gung manglung mentiyung trusing angkasa, wis lumrah ingaran asil karyaning wangsa manu(ngsa) kang ngedap-edapi. Para wangsa manu(ngsa) luhur samya pasang-giri: sak sapaa kang bisa ngranggeh Langit lumantar wewangunan, Piyambake bakal manjing kalawan Langit: Gusti. Temtu, lumantar para pinilih pinunjul ing antaraning kulawangsane. Dene struktur kang cilik wujude, ngrujuk marang wewangunan kang malah mligi sinebut dadi barang asale mega-struktur mau, kang nyongkok-nyakani adeg-jejege, lumrah dilalekake. Kang cilik minangka endhoge; panetese kang gedhe duk ing uni. Yen cara wong sekolahan ngono: kekayon-filsafate. Mbokmenawa merga barange pancen cuilik. Ora gedhe. Gampang kalimput ing pandelenging netra. Sing gedhe nyolok soca. Sing cilik athik nuplik.

Ora ketok.

Najan loro-lorone kosok-balen ing pandulu, gedhe-cilik, ning padha dene nyemokake telung prakara kang kempel. Sing siji, antarane gedhe-cilik mau, ana sing kaprinci dadi barang lembut. Nylempit. Kadhang minangka pucuk, kadya pucaking giri. Tarkadhang dadi pulung: ati. Kadhang minangka punjer: pancering dhiri. Iki telung prakara minangka sulih: bapa-ibu-putra. Minangka pralambang: langit-bumi-manungsa. Triwarna: putih-ireng-abang. Tri-As. Tri-tunggal. Telu kang kempel-nyawiji.

Giri, gunung, meru, gunungan, kayon, wreksa, tumpeng, omah, candi, piramida, menara, tugu, kabeh minangka wewangunan (kauripan) kang kang bisa nggambarake kempeling telung prakara iki: bapa-Langit, ibu-Bumi, lan wangsa-manu(ngsa). Rerenggan telu-an. Wewangunaning manungsa, gedhe-dhuwur, kang ameh nyundhul Langit. Wewangunan kang asipat lingga. Palus. Gegambaraning para anak kang kaya-kaya bakal nglunjak panguwasane bapane. Wayah rikalane para anak bisa nggayuh kamardikan, yaiku ngepasi mumbul mandhuwur kamanungsane, budayane, sang bapa ora rena. Apamaneh si anak arsa marang keng ibu: si anak utawa si ibu ‘kudu’ nemahi pralaya.

Ing rananggana.

Nuwuhake prang, campuh, manjing, awor-winor, pamanunggal, antarane bapa-putra. Mula, variane tritunggal mau bisa malih rupa awujud: dwitunggal. Tunggal-aroro, roro-atunggal. Bhinna-tunggal (beda-kempel). Utawa bisa maujud pancasila ing penggalihan bab nagara (dhapukan tritunggal: nagara, pamarentah, lan kawula). Wisnu aprang lan manunggal garudha. Pandhawa (limang-putra) kang manjing ing Jin Wanamarta.

Sing ngono iku, tan liya, kempele para batur sajrone njunjung bendarane (satriyane): Putih-Abang, Bancak-Dhoyok, Semar-Togog, manjing-sarira karo para satriya negara.

Situs Baturagung, ing Nglipar Gunungkidul. Dok: WG

Ning mbuh, kenapa, saiki, kok abange katon ndhuwuri (ngungkuli) putihe; nglalekake irenge: bumine. Mbokmnawa nyawijine kang loro, kang telu, kang lima, lan sakpiturute dhuwur mau, klebu Pancasila, ora wigati endi sing neng dhuwur endi sing ngisor. Utawa, apa merga jantraning jagad yen bumi Nuswantara kudu nemahi ‘kuwalik’ luwih dhisik, abang sing neng dhuwur, mapag wangsule triwarna-dwiwarna satuhune, ing mbesuke, kaya dene gendera Endonesiyah ika? Manunggale dwiwarna? Nuswantara sabdane para batur-agung kala purwa bab gumantine kala?

Aku, ing wayah mardika ngene iki, ing pagunungan sing sinebut Baturagung, lagi pengin mlarat ing sujana. Wayah mangsak ngirisi bawang-abang lan bawang-putih nganggo lading ing telonan: mapag rasaning olahan kang tanpa pepindhan. Yaiku wewangunaning kelan.

Lading, brambang-bawang, lan telonane rame kelonan.

[WG]

Facebook Comments Box

Pos terkait