Bethek

Bethek abang putih mapag Lomba Desa ing salang sijining desa Kecamatan Paliyan. Swara/WG.
Bethek abang putih mapag Lomba Desa ing salang sijining desa Kecamatan Paliyan. Swara/WG.

Athik sigarane pring ndadak dinam ngono kuwi ben ngapa? Ya ben pengkuh, wangsulane. Kok anjang-anjange ndadak didegke ngana kae ben kepiye? Ya ben kukuh, bligo-parene.

Kewan-kewane, kok sela timen ndadak dibetheki barang? Wis ta, ben ra mrana-mrene. Kuwi, kebone, kok ya dibetheki?

Bethek rak ya pager. Njur wong-wongane, sing dha korupsi kae, ha kok kabethekan barang, ra dijarke diumbar wae? Haiyak, wong ro kewan ora ana bedane, ta?

Ngono rasaku ngepasi ungsum “lomba-desa” ngene iki; kana-kene gawe lan ngedegke bethek. Rebut rame.

Facebook Comments Box

Pos terkait