Gendhong: Cara Ulem Wong Jaman Biyen

Lesung. Foto: Iwan.

Seminggu kepungkur aku krungu ana wong gendhong saka tangga desa sing arep ewuh mantu. Gendhong iku kothekan lesung. Suara kothekan mau krungu saka kadohan. Lamat-lamat nanging cetha lan apik banget. Suara mau ngelengake jaman aku isih cilik.

Lesung yaiku alat kanggo nutu pari supaya dadi beras. Wujude kayu, dawane kira-kira 2 meter, digawe kaya prahu. Lubange jerone lan ambane udakara 40 cm. Piranti liyane yaiku alu utawa antan.

Bacaan Lainnya

Lesung saiki klebu barang bekas sing regane larang. Diburu para kolektor kanggo isi-isi omah, nggo pajangan ora dienggo nutu meneh.

Jaman biyen durung ana gilingan pari kaya jaman saiki. Mula biyen isih ana tradisi nutu pari ben isa dadi beras. Nutu kui gaweane ibu-ibu ndesa, ugo ana prawane barang. Yen parine akeh biasane nutune kelompokan.

Ben ora sayah, ing sela-selane nutu biasane diselani kothekan, yaiku nabuhi lesung nganggo alu kanthi irama, saengga penak dirungoke. Suarane dadi kaya musik, biasane kanggo hiburan ben ora sayah.

Jaman biyen, yen arep ewuh (hajatan) mantu utawa sunatan carane ulem kudu mara ning omah-omah. Ngaturi siji-siji. Durung ana model ulem (undangan) saka kertas kaya saiki.

Seminggu sadurunge tekan dina winaton, tangga teparo wis padha nglumpuk. Sing lanang ewang-ewang gawe tratag lan gedepe,  sebab urung ana model tenda wesi lan terpal kaya saiki.

Lha sing wedok-wedok nyambut gawe nutu pari. Ngresiki beras (tapen-tapen), uga gendhong yaiku kothekan lesung, sing maksude ngemu teges ulem-ulem tangga teparo, utawa caos kabar menawa Si Suto arep duwe hajatan (ewuh).

Kabeh mau iku jaman aku isih cilik. Yen saiki wis ora ana, sebab saiki luwih praktis, mung gari nyewa tenda kursi komplit, ora perlu gawe tratag lan nyewa klasa.

Gendhong ya wis ora ana, wis diganti ulem (undangan) saka kertas. Luwih praktis.

***

Facebook Comments Box

Pos terkait