Kritik Asyik

oleh -267 views
Kritik diperlukan demi kebaikan bersama. Dok: portal-lentera.

SEPUTARGK.ID  – “Mak prekitik kula anggere krungu suarane niku!”. Sore iku, Kang Sur mratekakake rasa atine kang dadi kepancing emosi.

Mbokmenawa atine bisa kaembakake kayadene dami kang diuncali tegesan. Enggal mrekitik-mengangah, banjur “mak buull” molat-molat genine jedul. Bab iku kadadeyan awit dhewekke krungu pangucap saka kanca kang nyalahake anggone nyambut gawe.

“Lha, nyalahke kula enten ngajenge tiyang kathah jew!” Raine katon rada abang. Ana ewah-ewahaning raga tanda atine ora nampa bab sing kaprungu iku.

Pamrayoga saka kanca kang kudune bisa ndadekake bab kang nembe dirembug bisa ngewohake bab kang idheal, ananging kosokwangsule malah asile dadi gagal total. Mbokmenawa Kang Sur wis ketaton atine amarga kancane ngritik klebu nyerang pribadine.

Kritik kuwi apik. Manut kamus istilah, “kritik” kuwi tegese “kecaman atau tanggapan, kadang-kadang disertai uraian dan pertimbangan baik buruk terhadap suatu hasil karya, pendapat, dan sebagainya” (KBBI, 2007). Saka gambaran iki bisa dijupuk bab penting menawa sasaran tanggapan iku dudu apik-elek, bener-salah uwonge, ananging apa sing dadi asil pakaryan, pamawas, utawa argumen.

Jan-jane ora mung apik, ananging perlu lan penting kanggo nggayuh sejatining pilihan utawa ndandani kahanan sing dirasa durung pas. Kalodhangan anane kritik iku samestine prayoga banget kanggo ngupiya kabeneran. Kamangka nggolek bab kang bener kuwi wis dadi fitrahe manungsa. Sapa wae kepengin duweni sing bener, apik, lan pener.

Ing sasisih, kahanan manungsa kang beda-beda kuwi iya wis dadi kasunyataning urip: beda pengalaman, beda cara mawas, beda umur, beda pasrawungan. Iku kabeh iya kahanan kang nedahake yen prabedan kuwi ora bisa diselaki. Mula kanggo ngudi kabeneran bisaa pada dene asung pamrayoga kang ngener asil kang ginayuh.

Sinaosa akeh-akehe manungsa kuwi golek bener kepara nggegeki benere dhewe. Mulane yen ora ditata bisa uga tuwuh prabedan kang marahi pasulayan kepara dredah. Pancen ana pitutur luhur saka simbah-simbah supaya pada “Ora Rebut Bener”. Supaya uwong ora ngongasake kabisane lan nganggep remeh kancane, malah kanggo mujudake kahanan sing “tentrem” kepara diatag supaya mbudidaya pada “Rebut Salah”, kang ndadekake sing salah bakal seleh lan ngalah luhur wekasane. Kira-kira mangkono.

Ananging jamane ewah gingsir. Rasa-rasane patrap saiki ora kudu padha karo jaman semana. Saiki era digital sing serba terbuka. Manut pamawasku, kritik samestine dikulinakake dening sapa wae sinaosa kudu dipapanake kang pas: tujuane kanggo ngudi bab kang ideal, kanthi cara kang ora natoni uwonge, lan kanthi data kang nyata. Coba bayangna yen ana uwong sing ora doyan diwenehi pamrayoga. Lha, kayane kuwi rak tanda anggone ngener dhewe lan ora tinarbuka ngudi kang sejati?

Saiki kritik perlu ditindakke kanthi wicaksana, tujuane lan carane sing kudu dipenggalihke. Mbokmenawa salah sijine supaya kabeh bisa ngulinakake anggone adu argumen kang prayoga. Ora nyerang pribadine apamaneh nyebut kanthi sebutan sing wis ngremehake uwonge kanthi sebutan-sebutan kang saiki dinggo, “kadrun”, “cebong”, “ndeso”, “cino” lan sapiturute. Kamangka apa sing diucapke utawa dilakoni iku ora nganggo data sing bener lan cetha. Ing sasisih uwong sing disebut iku sejatinya ora satus persen salah, ananging bisa dioncekki endi sing perlu dibenakke kanthi menehi kritik.

Lha, menawa negara? Ya tetep kudu ana sing gelem menehi kritik. Ora mung negara, ananging ing ngendi ana pilihan, keputusan, lan asil pakaryan kang mangaribawani uripe wong akeh. Ananging sanadyan uwis dibudidaya, manawa kapeksa ora digagas, tundane beda, lan kayane ora migunani ya ora papa.

***

Tentang Penulis: Stef Listiyantoro

Stef Listiyantoro
Pelayan umat dan pegiat gerakan kemanusiaan lintas iman. Hobby menulis pengalaman perjalanan hidup. Tinggal di Semanu Gunungkidul.