Kupat Tahu Kelor Mbah Sura

Kuliner Kupat Tahu Kelor Mbah Sura. Foto: WG.

Iki gambar Warung Tahu Kopat Mbah Sura jenenge; iya asma sepuh saka nama taruna: Suyadi. Rikala marung Panjenengane dibiyantu garwane ro ponakane. Warunge mapan ing enggokan Kelor (dalan Wiladeg-Karangmojo). Anggone mbukak warung Mbah Sura nggunakake ‘lemahe negara’ (“tanah jalan”) tanpa mbayar sewa, sarat-saranane: angger wewangunane ora ginawe “permanen”.

Enere warung ing pinggir marga-gung iring kidul-wetan, kejepit pratelon, tepung pundhak ro kreteg. Warunge Mbah Sura wus ngadeg telung-puluh taun kepungkur samangsane peprentahane Bupati Jayadiningrat. Anggone ndhudhah lan mugar warunge yen kepetung seprana-seprene wus kaping papat.

Snajan warung-tahu-kopate mung cilik lan prasaja, nanging para pangarsa peprentahan Gunungkidul kayata Bupati Yutikno, Sumpeno, Bupati Badingah, lan liya-liyane wus nate dhahar tahu-kopat ing warunge.

Mbah Sura asli piyayi Kelor. Daleme tepung-brubuh tepung-pager karo Rumah Sakit Panti Rahayu. Katone mung brak-bruk leg-uleg cepet banget anggone ngracik bumbu tahu kopat, dhong jeruke ya gur waton jimpit tanpa wewaton, ning tahu kopate bareng dirahabi manteb banget.

“Bumbu niku kakehen kesithiken nggih boten enak,” ngendikane.

Batinku wektu ika: ha ya kringete, astane, ro mantrane kuwi sing gawe seger.

***

[Karangmojo, 17-3-2020, WG]

Facebook Comments Box

Pos terkait