Ngingu utawa ngopeni sato-kewan dadi adat-pakaryane wong-tani Gunungkidul. Tetanen iku nunggal-kempel karo sing diarani ngingu-ingu. Kang diingu yaiku sato-kewan kang bisa ngasilake ‘kaya’, utawa pametu, umpamane lembu (sapi) lan wedhus (menda).
Mula, kewan ingon-ingon kayadene lembu lan wedhus lumrah sinebut “rajakaya”, tegese bisa ngasilake kaya/pametu kang gedhe (ing mangsa Rasulan utawa Nyadran ginawe gunungan gedhe-gedhe). Asil kayane dianggo nyukupi kabutuhan.
Ning, jer ngingu kewan iku ngemong lan nggulawenthah barang-urip, mula ya kumudu nanggung babagan saras, bregas, lan panguripane si kewan. Tanggung-jawabe wong ingu-ingu ya ngombeni-ngombor lan makani ingon-ingone. Kang dierah, gedhe lan lemune, kepara wiji-winihe.
Anggone makani asring kanthi ngopekake utawa nggolekake pakan kang seger-seger lan ijo-ijo ing alas-pakebonan-pekarangan luwih dhisik, arupa gegodhongan enom-pupus kang ora “mendemi”, kayata suket-suketan, dhong mandhing, dhong tela, dhong turi, dhong maoni, lan liya-liyane, banjur makakake marang kewan ingon-ingone sorene.
Tatacarane opek bisa kanthi mecoki, mrunggeli, lan ngeriti ijo-ijonan mau, utawa nganggo tandang-gawe liyane. Yen uwis, pakan ijo-ijonan maneka-warna dibongkoki nganggo tali, digawa mulih kanthi cara digendhong, disunggi, utawa dipikul-pocong (ngarep-buri).
Kewan ingon-ingon mono lumrahe seneng ijo-ijonan, kejaba yen ana sing ora seneng lho, ya. Umpamaa nuju ora ana pakan, rep opek ijo-ijonan wis ra keduman, si kewan nembe dipakani garing-garingan. Ning ya kewane pating brengok, ha wong senengane ijo-ijonan kok diwenehi garingan, karemenane lan karemane ora kaleksanan.
[Semanu-Rongkop, Maret 2020, WG]