Papan-Dolan, Wektu-Dolan, lan Teknik-Dolan ing Dolanan

Dolanan Thik-uthik Uwil
Dolanan Thik-uthik Uwil
Dolanan Thik-uthik Uwil, karya Hermanu

Manungsa ngrasa menawa dhiriné iku dadi manungsa rikalané nglakoni dolan-dolan njuk ‘benthuk’ karo manungsa liyané; sajroning wektu ‘arkais’; wektu kang mligi: wektu-dolan. Papane? Ing papan ing endi dolanan didolanake. Thèkmu thukna thèkku, ngono unèn-unèné para putra-wayah rikala bebarengan samya dolanan. Satemah, karana dolanan, para manungsa dadi nyawiji, dadi rukun nora pradondi, jalaran wus nglakoni teknik: benthuk siji klawan sijine. Benthuk iku gathuk. Gathuk mijilaké swara. Lan, Sampeyan pirsa, ananing swara pratandha ananing urip.

Salah siji teknik-mau kanthi dolanan gatheng.

Bacaan Lainnya

Dolanan Gathèng ngandhakaké menawa swaraning urip iku ana sawisé barang (titah) kang didu. Ana wektuné watu ketemu watu. Papane dolanan ing watu. Barang kang lumrah ditengeri asipat ‘atos’ ketemu seduluré. Thèng. Thèk. Thuk. Paling ora mengkéné swarané gatheng. Nora gampang magawe sing siji supaya thekok, murih kalah. Amarga padha digdayané (padha jayanya). Karana wrata gedhéné; imbang ciliké. Ukuran watu kang mèh padha iku negesi yèn manungsa ajiné padha, yaiku wewaton (waca: wewujudan watu kang diwakili krikil) kang dianggo gathèng. Watu ingumbulaké; umbul jenengé. Banjur ndulit. Yen wis lumaku sak-ungelan, dolanan ing gathèng ingaran sawah.

Pancèn, uripé manungsa among-tani (agraris) banget gumantungé marang lemah lan watu: yaiku dadi palemahan (dhedhasaran) kalane nenandur tanem-tuwuh, mangun omah, mbukak lan mbabad dalan nuwuhke karang-padesan, kepara mangun wewangunan-wewangunan megalitik dhuwur-luhur manglung-ngangkasa ya karana lemah lan watu iku. Lemah lan watu dadi bature kulawangsa tani. Biyen, Radèn Rangga ing Metaram (ing sawijining ‘wektu-dolan’) duwé watu gathèng gedhé banget; kang saiki isih sumimpen ing Kota Gedhé. ‘Angel dinalar’ déning para putra Jawa wektu saiki kepiyé anggoné ‘nggathèng‘; kaya ngapa sru swarané. Kaya ngapa benthuke (campuhe). Thèng, thèk, thuk, thong.

Sawisé wewangunan-wewangunan gedhé (megastruktur) ngadeg, sawisé watu gathèng gedhé lerem anggone benthuk, banjur nyenyet swarané. Sadurunge iku, kang nyenyet mbutuhaké swara thèng, thèk, thuk, thong, sadurungé dheknene eneng.

Swara-swara  thèng-thèk-thuk kang mertandhani swaraning kulawangsa menungsa uga kaprungu saka dolanan Benthik. Dolanan sing siji iki kayu dhedhasarané. Swaraning urip lair rikala kayu nandhing-aprang kayu. Mapan ing kayu. Ing deleging wit (lingga), ing caranging wreksa. Kayu iku kang ngreksa panguripan: kayuning panguripan. Kayuning panguripan hayuning gesang. Ing tembé, ing manéka pérangan uriping manungsa, kayu sinebut kayon; kekayon. Ana kang nyebut kahyun. Panjangka. Angkah. Sajroning laku uripé, manungsa bisaa nindakaké samubarang sarana piranti kang ‘panjang’, ka(h)yun kang dawa, benthong tetembungané (pralambange) ing Benthik, lan sinengkuyung piranti kang cendhak, janak tengeré.

Panjang (benthong) lan cendhak (janak) iku nuwuhke urip; jangkepé urip. Benthong nguthat janak, saka luwokan utawa wokan (luwengan/lesungan ing lemah). Sarana luwokan (pralambang pawadonaning jagad) iki kang panjang (benthong) nguthat kang cendhak (janak); sakadoh-adohé anut dayaning manungsa! Loro-loroné lair saka lemah. Kang panjang (benthong) lan kang cendhak (janak) mau dibenthikaké. Thik. Thèk. Angkahé, ing sawijining wektu: asil benthikané panjang, dawa, wiyar, ilar tetembungané ing Benthik. Kadya elar (swiwi) kanggo iber dhuwur. Kanggo manggung ing panggungan.

Ngetut-nurut teknik ‘manjang-nyendhakake’ ilar ing dolanan Benthik kaajab bisa ndumadekake menungsa anyar, yaiku manungsa kang bisa nggayuh trap-trapan: kamenangan sarana teknologi.

Ing kene (ing papan lan ing wektu dolanan) teknologi ginawa sarta.

Tèknologi kuwi sambung-panjange saka cendhak-tangané menungsa. Nggo ngapa? Kanggo mbudi-daya seupaya uripe kulawangsa manungsa laras karo alamé. Tarkadhang, tèknologi malah wis manjing dadi siji ing anggané menungsa. Teknologi ora bisa pinisahaké saka dheknene. Mula, angel dibédakké antarané: tèknologi iku angganing-manungsa utawa dudu; pamanjang utawa pandawa. Tumrap kulawangsa among-tani, lemper-munthu iku piranti teknologis kang kudu ana. Yen ora ana, mbokmenawa anggane pra among-tani ya ora ana. Pancen, lemper-munthu kalimbang dadi barang kang pigunane ‘nggenepi’ uripe manungsa; satemah manungsa bisa ngupaya maneka cara liya kanggo nerusake nonton, niti-priksa, lan ndelengi donyané luwih wiyar, luwih jero.

Mangerteni alamé. Njajah pok-oyoté. Nglari rembuyung godhongé.

Ing panguripané pra among-tani, teknologi kang wus manjing-nyawiji karo angganing manungsa iki akeh banget, sumebar-ginambar ing manéka jinis dolanan.

Dolanan Genukan; linggané genuk, ateges genthong. Genthong iku wadhah banyu tumrapé wong tradhisional; tujuwane supaya pun banyu pikantuk swasana meneb. Pun banyu surup. Njur anyeb, tawa. Lan katone, wong-wong modern yaw is nglakoni riset bab manjilaning teknologi aran genthong iki. Genthong memper karo kendhi: pralambang wadhah toya suci perwitasari; asring ginambar ing rèlièf candi-candi ing Jawa. Swara dhor ing dolanan iki, mertandhani paraga kang dadi, kang kena ukum. Mula, mbokmenawa, yèn dilarah tenan, wong Jawa iku pancèn wus kagungan sanjata aran bedhil, misil, lsp., kang ngetokké swara dhor, wiwit jaman Sriwijaya – Majapait, kepara wiwit kraton-kraton sadurungé. Kanggo ngapa? Kanggo ngreksa ngelmuné wong Jawa, banyu-suciné, kang sumimpen ing tèknologi genthong mau.

Facebook Comments Box

Pos terkait