Papan-Dolan, Wektu-Dolan, lan Teknik-Dolan ing Dolanan

Dolanan Thik-uthik Uwil

Sakèhing ngèlmu bab tèknologiné wong Jawa uga kawartakaké lumantar dolanan-dolanan: kendhil lan parut ing Jamuran; krèwèng/wingka ing Dhoktri; siwur, icir, lan gandhik/munthu ing Nini Thowong; grabakan/babrakan ing Koko-koko; pikulan, gotongan, bedhil, lan lumbung ing Dhakon; lan liya-liyané.  Kabeh wujud teknik-dolan (waca: nggegolek ngelmu) iki rineksa lumantar dolanan, kang kanthi lembut diwarisaké dening para leluwur supaya ing tembé bisa didhaku, di-aku (dhakon) minangka ngelmuné para putra-wayah among-tani ing papan lan wektu tartemtu kanggo nglakokaké urip ing jaman-jaman banjuré.

Yen mangkono, teknologi ing dolanan, sakliyane dadi teknik, kanyata bisa madeg dadi papan lan wektu golek ngelmu: dolan ing dolanan.

Bacaan Lainnya
Dolanan Ni Ni Krowek
Dolanan Ni Ni Krowek, karya Hermanu

Ngèlmu (sanajan ora jebles bisa sinebut logos tumrapé cara-ndeleng Kulonan) iku carané pra among-tani ndeleng donyané. Piranti kang dianggo nalar (olah-pikir). Ngelmuné pra among-tani kang nengenaké nalar ginambar ing dolanan-dolanan kayata: Dhakon dhuwur mau, Macanan, lan Bas-basan Sepur. Sanajan pra among-tani sinebut ‘nengenaké nalar’, nanging nalar tetep duwe sambung-raket karo rasa-pangrasané among-tani bab alamé. Sambung-rapet antarané manungsa, macan, lan redi (gunung), ginambar ing dolanan Macanan. Bebrayan agung antarané among-tani, sawah, pari, kacang, lumbung, swasana lemah kang lagi bera utawa panen, lan tata-cara ngisi lumbung ginambar cetha ing Dhakon. Ing dolanan Anjir, arit, minangka sanjatané wong kang pegaweyané ‘ngarit’, utawa bocah-angon, dirawat temenanan minangka senjata. Didadekake pusaka. Rikalané dolanan wus lumaku, Si Arit bisaa ‘ngadeg-jejeg’ ing lemah. Yen Si Arit (minangka sanjata/pusaka mau) bisa ngadeg jejeg, sapa sing laku ing dolanan menang. Arit menangake para tukang ngarit; para bocah angon. Para wangsa suket (dukut): among-tani. Mbokmenawa, pralambang jejege arit/sanjata/pusaka/lingga ing palemahan iku nuduhake ngapa kok para Utusaning Gusti (rasul; ajisaka) akeh kang aklambi bocah-angon: para paraga kang bisa njejegake ‘agama’ ing jagad iki. Kang dianggo ‘rangsum’ ya ajaran sastrane para manungsa suci. Dene ing dolanan Anjir, kang dianggo udhu yaiku suket; ‘rangsum’ (tetedhan/pakan/panganan) kanggo sato-kéwan kang diangon.

Sambung rapet antarané: bocah-angon, arit, suket, lan kewané iki kaya-kaya mèh padha karo sambung-rapet antarane: wong njaban Nusantara, logos (‘ilmu pengetahuan modhèren’), lan teknologi modhèren kalawan wong-wong paribumi ing Nusantara kang rasane mung ‘diangon’ terus.

Mèh padha ning kosok-balèn, ta? Iya?

Kamangka: gatheng, wewangunan-wewangunan ‘megastruktur’ (dolanan uthik-uthik uwil), benthik lan cluwokane, genthong, kendhi, parut, kreweng, babrakan, salang-pikulan, arit, sapu-sada, lan liya-liyane ika minangka teknologine pra among-tani kang karengga ing dolanan, perlune bisa kanggo udhu dening pra kulawangsa (Jawa-Nusantara) supaya dumadi; ndadi wangsa-nagara luhur-kuncara. Kepara, sakehing teknologi ing dolanan mau bisa dadi ‘papan tujuwan’ ing ‘wektu-lodhang’ kanggo sinau lan sinau.

Mula, dolanan lan sinau maneka teknologi ing dolanan katindakaké sajroning tembung ‘bebarengan’. Keguyuban. Gotong-royong. Bocah-bocah padha dene nyelathu, nyenggolake teknologine, lan ngabarake pengalaman-pengalaman ‘sunyata’ ing jero dolanan kang gayut karo alame mau. Tanpa bebarengan, mokal maneka warna dolanan iku dilakokake. Tembene, para putra wayah kaajab ora mung dadi timun wungkuk jaga imbuh-é kabudayan global. Ora mung dadi bawang-kothong sajroning dolanan-dolanan kang didol déning kang duwe kuwasa-kapital; kang asring diwungkus godhong-godhongan tiron, diiklanké tanpa sela, dikapitalisasi, ditanem jero ing tata-cara pandelenge putra-wayah lumantar ‘medhia’ tartemtu.

Bilaine: awake dhewe kaget, gumun, lan manthuk-manthuk ayem.

Blangkemen.

[WG]

Facebook Comments Box

Pos terkait