SEPUTARGK.ID – Virus iku gaweane uwong apa natural ya? Mangkono apa sing dadi pitakonan saperangan uwong sing duweni rasa penasaran bab mula buka anane Virus Corona. Bab iku mau lumrah diajokke dening wong-wong mau adhedhasar kahanan manungsa ing mangsa majuning teknologi jaman saiki. Apa wae kaya-kaya ora mokal digawe.
Kanggoku pitakonan iku mau narik kawigaten kanggo ngolah rasa ing mangsa pagebluk. Umpamane yen iku mau gaweane manungsa, lha terus kuwi tujuane apa? Lha kok nganti gawe gegere wong sadonya? Pitakonan iki ora kudu ana jawabane, mung dadi bahan kanggo renungan. Lha wong kasunyatan negara-negara padha pontang-panting ngadhepi kahanan. Karana pagebluk apa wae kaya-kaya dadi jebluk lan remuk. Ambyar usahane, ambyar ekonomine, mbokmenawa kalebu sing cerak kaya awakke dhewe.
Kepara senadyan ora kasat mripat apa sing dadi penyebabe pagebluk malah dadekake pada cubriya siji lan sijine. Menawa duwe wektu tidem lan bab iku mau dirasakke kanthi wening, becik manawa ngungak awakke dhewe.
Kahanan jagad kuwi pancen ewah gingsir. Coba dha disawang, awakke dewe manggon ana laladan kang sugih sumber alam. Gunung merapi, kali gede, samudra, apamaneh maneka tetaneman kang kebak kaelokan. Ananging iku mau kabeh kudu obah lan owah.
Wis dadi bab kang fitrah menawa gunung merapi pada ngolet ngetokake mawerna bahan sing sifate alami, kayata watu lan sapanunggalane. Kalamangsa kali uga ana mangsane asat, ananging uga bena. Lha, menawa mangkono apa kuwi ora alami? Kok mung nalika manungsa ngrasa menawa iku mau kabeh dadi bab sing marakake sangsarane mula sebutane dadi “bencana.”
Manawa dirasakke obahe gunung, samodra, kali lan sapanunggalane kuwi biasa, uwis dadi kersane sing ngecat lombok ijo, supaya dadi harmoni. Ananging emane, bab kang sejatine natural kuwi mau terus disebut “bencana” awit manungsa sing ngrasakake bebendu sing ngrugekake duwekke kayata nyawa, banda, lan sapanunggalane.
Beda menawa manungsa sing srakah. Makhluk “menus-menus ngangsa” uwis ora ngrasakake cukup maneh, mangah-mangah apa kang ana arep dianggo kanthi melimpah. Iku mau jelas marai bubrah, contone wit-witan gedhe sing kudune tetep dileluri eh malah ditegori. Kali sing kudune diresiki, eh malah dinggo mbuwang mawarna sampah plastik sing ngregeti.
Saka iku mau kabeh, ngrasakake bab virus iki, aja-aja awit para virus ora sengaja nglarani manungsa awit anggone golek papan kanggo uripe karana kelangan papane sing alami. Aja-aja sejatine manungsa sing pancen ngrusak harmoni lan ngilangake mawarna papan sing kudune kanggo kewan lan wit-witan.
Deloken maneh patrape manungsa ing kahanan prihatin iki malah akeh sing pada nyalahake siji lan sijine. Kakean ngrembug bab melik kuwi duwekke sapa, mikir awakke dewe entuk dhisik. Malah kepara tega nguntal duwit bantuan.
Pitakonane saiki mangkene, janjane awakke dewe kuwi kepengin nanggulangi bencana apa sejatine patrape malah dadi tunggale bencana?
***