Pepiling Saka Garengpung

Garengpung atau tonggeret. Foto: timesindonesia.

SEPUTARGK.ID – Esuk udakara tabuh pitu, aku ngajak Kidung ngobahke awak ana ngarep omah. Mau bengi udan lan angin rada banter ananging ya tetep bisa turu angler. Syokur dawane bengi uwis bisa dakliwati nuju swasana esuk kanthi sunar srengenge kang padhang merak ati. Kita olah raga, golek kringet kanthi namplek wulu ana parkiran, mbudidaya supaya imbang antarane sehat awak lan pikiran.

“Sik pak, ngrunggokake swara iki sik ben bisa konsentrasi!”

Bacaan Lainnya

Sanalika Kidung ora bacutake pemanasan. Makgrek mandeg anggone ngobahke gulu lan tangan ngiwa-nengen. Ana swara kang sora saka duwur wit jati buri omah, “Oreekkk, oorreeekkkk, ooorrrreeeekkkkk…”

Kidung sajak kabrebegan ngrungokake jeritan kewan sing durasine kira-kira 50 detik iku mau. Durung nganti swara iku mandeg, kasusul jeritan liyane saka ngarep omah persis swarane, mangkono uga katambah kang saka lor omah. Kewan-keaan iku padha sesautan kaya lagi celuk-celukan.

Iku swara Garengpung. Swarane pancen sora. Manawa ing basa Indonesia kasebut “Tonggeret” utawa “Keriang.” Aku menehi keterangan marang Kidung manawa kewan iki mratandani manawa mangsa ketiga enggal teka.

Kang dakrasakake narik ati iku bab uripe kang nyleneh banget. Manut katerangan Wikipedia, “Tonggeret memiliki fase metamorfosa yang menakjubkan, karena selama 17 tahun ia hidup dalam fase larva, sebelum akhirnya dalam 3 hari menjadi serangga dewasa dan segera memasuki fase repoduksi. Beberapa minggu setelah perkawinan tonggeret akan mati.”

Ooo dadi ngono ya. Saka katerangan iku mau bisa dirasakake manawa kewan iku mratandani bab beda-bedaning lelakon urip: lair, cara, lan wektune urip. Mangkono uga swara kang direpekake sora bisa dirasakake dadi tanda gingsiring swasana kang mesti dilakoni sapa wae. Rerepen kabingahan Garengpung dadi tanda manawa donya kuwi kudu obah, owah, kalebu deweke.

Swara sora kaya-kaya mratandani manawa uripe ora bakal suwe maneh sinaosa mangkono pagaweane bakal dirampungake.

***

Facebook Comments Box

Pos terkait