Pa meneh ing mangsa akeh gaweyan ngene iki, Lur. Iya wayahe ceblok-alu nibakke winih, ha wong ing adat dina-dinan wae ungkal ajeg digunakke. Mbuh dinggo ngasah lading kalane arep olah-olah utawa mbeleh ayam, mbuh dinggo ngasah arit rikala rep ngarit, mbuh dinggo ngasah gathul ngepasi arep dhudhuh-matun, lan dinggo ngasah gegaman liyane.
Takkira pra Dulur kang pakaryane dadi amongtani-amongkewan dha duwe ungkal ing daleme. Ungkal ki wus jamak lumrahe dadi sandhangane pra amongtani kang duwe gaman, ing tembe para gaman katamakake ing suketan, palemahan, gegodhongan, wit-witan, sarta kewan-kewanan.
Neng cedhak kolah lan sumur Panjenengan ana ungkal, ta? Neng cedhak kandhang ana ungkal? Neng gubuk tengah alas kae ya ana ungkal? Pigunane ungkal pancen kanggo ngasah gegaman.
Kang dierah mingise, landhepe. Mingis lan landhepe dianggo “ngesihi” lan “ngesuhi” apa-apa kang ditamani mau. Ya wis, Lur, gek njo! Pumpung sih mangsa udan! Mangasah landheping gaman, mingising bebudi.
Yen gamane utawa ‘gathule’ wis kethul, diungkal dhimik ben ra landhep-dhengkul, supaya wijine ya ra mandhul. {WG}