Mangsa Labuh, Kadang Among Tani Katon Sumringah

Kadang among tani Dusun Nglebak Katongan nyawisake tegalan mlebu mangsa labuh. Foto: Slamet.

Udan awan mau, wayah jam 13.00 awan pancen rada deres lan suwe. Jumbuh karo perkiraane BMKG menawa wiwitan udan tahun iki diprediksi wiwitan sasi Oktober (awal Oktober) 2020.

Saben-saben udan sepisan, sing tak senengi yaiku ambune lemah kang seger. Wong biyen ngarani “mambu ampo”. Sebab suwe lemah garing merga kena panas srengenge pirang-pirang wulan trus kena banyu udan. Heeemmm… segeer. Apa meneh wayah esuk, kahanan ngene iki mung ana ndesa, sebab nik ning kutha wis ora ana lemah, kabeh dadi beton, mula udan kaya ngene mau mesti terus banjir.

Bacaan Lainnya

Kesibukane bapak ibu among tani katon cancut tali wanda. Ana sing trus usung-usung rabuk kandang, ana sing gawe lubang jagung, resik-resik selokan. Kabeh mau dilakoni kanti sumringah, pikirane ayem, amarga sedhela maneh bakal nenandur.

Bapakne sing dha kerja ana kutha, sing mbecak, sing buruh bangunan padha di telpon supaya bali ndesa. Diajak nenandur, ngko wayah rampungan bali makarya maneh ning kutha-kutha gedhe.

Kesibukane para petani uga babagan nyiapake bibit jagung, gabah lan liya-liyane. Ana sing tuku menyang kios, ana sing wis nyiapake winih dewe waktu panen dhisik.

Sing prigel nyimpen winih jagung kanti diombyoki trus disimpen digantung dhuwur pawon. Pamrihe ben ra dipangan bubuk. Ana sing dicangklek dicantelke ning reng pring dobelan ning empyak pawon. Mula kegiatane ana sing wiwit ngudhunke jagung sing disimpen ning duwur pawon mau trus dionceki, dipotheki nggo persiapan nandur.

Kesibukan kaya ngene iki mung ana neng ndesa, luuur….. Ora bakal ta weruhi ning kutha-kutha. Mula dadi petani iku nyenengke kanggone sing urip ana ndesa.

Facebook Comments Box

Pos terkait