Sumber

Jeguran di Sumber Beji Karangmojo. Foto: WG.

Ujare (ngendikane) para juru kunci tuk/sumber (amarga sing njuru-kunceni tuk/sumber ora mung pyayi siji), banyu-beninge bakal mudal lan mumbul akeh ska (tu)tuk sangisoring uwit yen ta kiwa-tengening tuk/sumber kebekan wit-witan wreksan, klebu uwoh-uwohan palakirnan.

Roro-manunggale wreksan gung ika ya kalawan wit uwoh-uwohan. Sakliyane manuk-manuk padha sanja gumbira mikantuk pangan, para warga antuk toya-wening kanggo inuman, iwak-iwak regeng lelumban, bocah-bocah ya bisa pating brengok jejeguran saking adrenging manah dedolanan. Ujare (ngendikane) para pana ing bab pasumberan: sing papane sisih ngisor (ilir) gumantung sing mungguh ing sisih dhuwur (ulu).

Bacaan Lainnya

Banyu wening ska dhuwur mili ing kali-an (kalen) ngisor: ska cilik ilene malih gedhe, ska ciut tutuke nyang amba lambene. Sing jenenge kali gedhe (“biyung”) iku dumadi ska kali/tuk cilik; ska “anak-anake” utawa “bocah-bocahe”. Sing karan anak/bocah nyengkuyung sing tuwa-gedhe.

Mula, jeguran ing papan kang amba lan omber ndumadine ska “jeguran” ing papan-papan kang ciut lan prasaja, njur nggolong-manjing siji. Ning, para anak iku para ciut kang bisa ndayani anane sing gedhe. Supaya jenjem lan marem jegurane, wit-witan lan wreksane jinaga..

Nah, jeguran ing papan-papan omber banyune, kiwa-tengen akeh wit-witane, lan amba anggane banget nengsemake. Para anak/bocah lunjak-lunjak jegar-jegur paripolahe.

Sampeyan biyen rak ya nate jeguran neng sumber/kali, ta? Ora kapang, pa? Ora pengin nylulupke angga, ing jeroning banyon kang katon iju ing netra? Nyenyuda sangganing gesang priyangga?

(WG).

Facebook Comments Box

Pos terkait